1778 utawi tanggal kaping 5 Juni taun 1850 Angka 432. Sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet dhateng Kedhaton.
Punika pemut kala Tuwan Asisten tidheman sowan lumebet ing Kedhaton, kaliyan Tuwan Welilahudon, marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 26 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 6 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih, sowan lumebet ing Kedhaton, kaliyan Tuwan Despro, landi Surakarta, sarta mawi wade cahtok, Sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Jayanegaran tuwi temanten. Marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 28 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 8 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Ngloji Paresidenan, marengi ing dinten malem Senen Kliwon, tanggal kaping 30 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 10 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut nalika Tuwan Asisten tetidhem, lumebet saknyonya hipun sarta mbekta tamu Wlandi Betawi wasta Tuwan Rit saknyonyahipun. Marengi ing dinten Rebo Pahing, tanggal kaping 2 wulan Sakban taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 12 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih lumebet ing Kedhaton, kalihyan Tuwan Mayor Mahkenin, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 3 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 13 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalihyan Tuwan Overstehken, marengi ing dinten Septu Kliwon tanggal kaping 5 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 15 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken meling kretep damelan nagari Walandi dhateng Tuwan Engersareng kalihyan Kangjeng Tuwan Residen badhe lumebet main pot wande sawab kathah damel. Para Pangeran sampun klajeng sowan. Marengi ing dinten Ngahad Legi, tanggal kaping 6 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 16 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala lebetipun serat sangking Surakarta, bab sedanipun Raden Hayu Dipawinata, marengi ing dinten Senen Pahing, tanggal kaping 7 wulan
4