Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala ijabipun putra ing Yudanagaran, Raden Riya Yudaningrat, dhaup putra Mangkubumen Raden Hajeng Umyunadikin wonten Kadhaton, nanging sepi, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 20 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 6 April taun 1855 Angka 578.

Punika pemut kala ngiyasakaken januran renda abdi Dalem ringgit, marengi ing dinten Saptu Pahing tanggal kaping 21 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 7 April taun 1855 Angka 578.

Punika pemut kala pocotipun Wiryawacana Jajar kursi marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 22 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal 9 April taun 1855 Angka 578.

Punika pemut kala sedanipun Raden Riya Darmakusuma marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 22 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 April taun 1855 Angka 579.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit ngarsakaken siram wonten ing ngetong, sareng kaliyan yasa januran kartep sayet, badhe paringan, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 23 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 11 April taun 1855 Angka 579.

Punika pemut kala pista hageng ing Mangkubumen mawi dhangsah, marengi ing malem Rebo Legi tanggal kaping 24 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 April taun 1855 Angka 579. Punika pemut kala wiyosanipun taunan putra Dalem Kangjeng Bandara Raden Hajeng Gusti Putri Sukapjinah Retna Jaerah, marengi malem Kemis Pahing tanggal kaping 25 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 13 April taun 1855 Angka 579.

Punika pemut kala nglujengi pitunipun garwa Dalem Kangjeng Ratu mawi kandhuren, marengi ing dinten Saptu Wage tanggal kaping 27 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 14 April taun 1855 Angka 579.

Punika pemut kala pistan hageng ing Yudanagaran, marengi ing malem Ngahad Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 15 April taun 1855 Angka 579.

Punika pemut kala dadosipun Panewu Kamisepuh ing Pangasih Raden Natapura Marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 29 wulan Rejep taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 16 April taun 1855 Angka 579.

102