Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala ijabipun Raden Wadana Sasrakusuma, dhaup Raden Hajeng Sri Sajarahbanun, putra tetilaripun suwargi Kangjeng Panembahan Hamangkurat, marengi ing dinten Slasa Kliwon, lenggahipun wolung dalu sadinTen, malem Senen Wage abdi Dalem Jajar Punakawan, malem Slasa Kliwon para Bandara-Bandara Pangeran sadaya, sarta Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja, malem Rebo Legi para Bandara-Bandara Pangeran 11 kalih abdi Dalem prayayi WadanaPunakawan mawi kasukan nayub, malem Kemis Pahing abdi Dalam prayayi Lurah Punakawan mawi kasukan nayub, malem Jumungah Pon abdi Dalem darah Panji Tumpukan, malem Saptu Wage abdi Dalem Onder Ajidan Punawakan, mawi ringgitan wacucal, malem Ngahad Kliwon abdi Dalem Bekel Punawakan, ing dinten Ngahad Kliwon Kangjeng Tuwan Residen sarta Tuwan-Tuwan, Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam, malem Senen Legi abdi Dalem Kaji-Kaji Punawakan, mawi slawatan Maulud, dinten Senen Legi bubaran, tanggal kaping 17 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 6 Maret taun 1855 Angka 576.

Punika pemut kala Tuwan Prom toko lumebet ing Kadhaton, bab cindhe badhe kengkenan dhateng Singgapura, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 19 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 8 Maret taun 1855 Angka 576.

Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja sowan dhateng Kadhaton kalih Raden Tumenggung Jayaningrat tiga Raden Tumenggung Natawijaya, sami ngabekti, sontenipun Pangeran Litnan Kolonel Harya Nataningprang, sowan ngirid ingkang putra Raden Mas Pirngadi badhe dipun supitaken, marengi ing dinten Saptu Wage, tanggal kaping 21 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 Maret taun 1855 Angka 576.

Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja mangkat nglampahi ayahan Dalem, dhateng Kalibawang, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 23 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 Maret taun 1855 Angka 576.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, tuwi ing Kangjeng Sampeyan Dalem, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 25 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 14 Maret taun 1855 Angka 576.

99