Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ngabdulkamal, sak Bupati-Bupati ingkang sami Nataprajan, saha Demang Rangga ing Gegerbajing sadaya, sareng tetepipun kabayan patehan pun Panca Palencut, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 9 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 Pebruwari taun 1855 Angka 575.

Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, bab serat almanak Jawi ingkang sangking Tuwan Artipel ing Surakarta, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 11 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 Pebruwari taun 1855 Angka 575. Punika pemut kala mireng kabar Kangjeng Pangeran Hariya Dipanagara ingkang wonten Makasar seda, marengi ing dinten Kemis Kliwon, sedanipun marengi ing dinten Senen Pon wulan Rabingulakir tanggal kaping 18, tanggal kaping 21 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 Maret taun 1855 Angka 575.

Punika pemut kala Tuwan Dokter sakaliyan lumebet ing Kadhaton, lajeng Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton kalih Tuwan Asisten sarta ingkang putra kalih, sareng prampunganipun Tuwan Reting, marengi ing dinteng Jumungah Legi, sareng angkatipun dhaten Surakarta Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, kalih Kangjeng Pangeran Hariya Yudanagara, tuwi nggenipun ngramakaken Raden Hajeng Perkis, dhaup Raden Mas Mayor Hariya Jayengtilam, putra Kusumayudan, ijabipun ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 13 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 Maret taun 1855 Angka 575.

Punika pemut kala Tuwan Dokter Kokkem lumebet ing Kadhaton, lajeng Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen kaliyan Klangenan Dalem Kangjeng Bandara Raden Hayu, sarta putra Dalem, marengi ing dinten Saptu Pahing tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 3 Maret taun 1855 Angka 576.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, nrima kasih bab siti Kalibawang, sarta wonten prayayi nasar, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 15 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 4 Maret taun 1855 Angka 576.

Punika pemut kala ngalihipun nama Pangeran Mayor Hariya Natapraja, kalih Raden Tumenggung Hanggawangsa, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 16 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Maret taun 1855 Angka 576.

98