Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala pista wonten ing Kadhaton, wilujengan slamet jalan Kangjeng Tuwan Residen Hasselman, marengi ing malem Salasa Pahing, Slasanipun enjing Kangjeng Tuwan Residen Hasselman lumebet ing Kadhaton, kalihyan ingkang garwa Nyonyah, sarta ingkang ibu marasepuh Nyonyah Parpe, saha ingkang putra sakaliyan, nyaosi slamet tinggal dhateng Kangjeng Sampeyan Dalem, lajeng sami muwun sanget-sanget sadaya, tanggal kaping 18 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 6 Pebruwari taun 1855 Angka 574.

Punika pemut kala konduripun Kangjeng Tuwan Residen Hasselman dhateng Nagari Walandi, marengi ing dinten Rebo Pon tanggal kaping 19 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 7 Pebruwari taun 1855 Angka 574.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton kaliyan Tuwan Pan Den Bereh, bab prakawis siti ing Gegerbajing ampas Nataprajan, sampun angsal serat kekancingan sangking Kangjeng Gupernemen, yen dipun paringaken ing Kangjeng Sampeyan Dalam, marengi ing dinten Saptu Legi tanggal kaping 22 wulan Jumadilawal taun 1783, utawi tanggal kaping 10 Pebruwari taun 1855 Angka 574.

Punika pemut kala inggahipun Onder ajidan tiga, Raden Onder Ajidan Sasrareja, Mas Onder Ajidan Nantang Cakra, Raden Onder Ajidan Sasrasudira, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 24 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 21 Pebruwari taun 1855 Angka 574.

Punika pemut kala ngecapi serat kontrak siti ing Kalibawang sak anteronipun, siti 120 jung utawi 500 karya, ampas ing Nataprajan, sareng maringaken titihan Kyahi Bratayuda dhateng Tuwan Pan Den Bereh, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 25 wulan Jumadilawal taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 13 Pebruwari taun 1855 Angka 574.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Hasselman sakgarwa putranipun sadaya, sangking Tempel mampir dhateng HALAMAN KURANG!

Punika pemut kala ngajalipun Bekel Pakujayaliman pejah marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 8 wulan Jumadilakir taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 Pebruwari taun 1855 Angka 575.

Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja sowan lumebet, nyowanaken Raden Hayu Hadipati Natapraja kalih Pangeran Hariyal

97