Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken semuwan ringgit tiyang Gedhog. Marengi ing dinten Ngahad Kliwon, bubari pun marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 18 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 29 Mei taun 1850 Angka 431.
Punika pemut kala lebetipun Serat Angsul-Angsul sangking Surakarta, bab sedanipun Kangjeng Pangeran Hariya Hadiwinata, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 19 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 30 Mei taun 1850 Angka 431.
Punika pemut kala wiwitipun ngisis kagungan Dalem ringgit wecucal wonten Tratag, sareng kaliyan ijabipun Raden Riya Sasradipura, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 20 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 31 Mei 1850 Angka 431.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Kaptin Labar, marengi ing malem Septu Legi, Septunipun enjing Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam sowan lumebet tetuwi kagengan Dalem Prabayeksa, sontenipun Kangjeng Tuwan Asisten tidheman lumebet kalih Tuwan Mayor Mahkenin, Tuwan Mayor Noman, Tuwan Panreng, Tuwan Litnan Pirman, tanggal kaping 21 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 1 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Lepel lumebet ing Kedhaton kaliyan Nyonyahipun kairid Tuwan Jurubasa, nyuwun pamit badhe kesah ganti dhateng Ngawi marengi ing dinten Ngahad Pahing, tanggal kaping 22 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 2 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Asistenan, ing ngriku wonten tamu Tuwan Makenin, kalih Tuwan Priser saknyonyahipun. Marengi ing malem Senen Pon, tanggal kaping 23 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 3 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken pista, tingalanipun taunan putra Dalem Kangjeng Raden Hajeng Gusti, marengi ing malem Selasa Wage, Slasanipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan griyanipun Tuwan Kaptin Lepel, tanggal kaping 24 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 4 Juni taun 1850 Angka 432.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen sangking Betawi, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 25 wulan Rejeb taun Jimmakir
3