Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Cathetan mligi babagan basa lan sastra
sing tinemu ing buku iki.


1. Jejer = Paraga sing dadi punjere ukara. Ing basa Indonesia diarani = subyek.
Tuladhane :

Dheweke golek iwak.

Dheweke = jejer.
Aku nulis layang.
Aku = jejer.

2. Krama = Basa padinan sing tumanduk marang wong sing luwih tuwa utawa wong sing diajeni. Basa krama iku kena ditrapake marang awake dhewe. Tuladhane :

— Sampeyan badhe dhateng pundi?

— Kalawingi kula kesah.

3. Krama inggil = Basa padinan sing tumanduk marang wong sing banget diajeni. Basa kramainggil iku ora kena ditrapake tumrap awake dhewe. Tuladhane :

Panjenengan badhe tindak pundi ?

— Kalawingi kula tindak. (iki salah !)

4. Ngoko = Basa padinan sing tumanduk tumrap mitra sabarakan utawa sing luwih enom nanging sing rumaket sesrawungane. 5. Purwakanthi = Tembung-tembung sing aksara utawa suwarane padha.
Tuladhane :

Bibit, bobot, bebet.

Ana rina, ana upa.

6. Sinawung = Dirumpaka = diripta = dikarang.
Tuladhane :

— Sinawung ing sekar pucung

= dikarang ing tembang pucung.


72