Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ATUR BEBUKA

Nuwun.

Kanthi babaripun serat TATARAN ANYAR punika ateges tambah satunggal malih jinisipun serat wucalan basa Jawi kangge ing Sekolah Dasar tuwin sekolah-sekolah ingkang satataran. Tamtu kemawon badhe anyengkuyung lan saya angregengaken mekaripun basa Jawi ing kalanganipun para siswa.

Serat TATARAN ANYAR punika dumados saking sekawan buku, kangge ing pangkat 3 dumugi pangkat 6. Saben buku isi 9 wucalan, ateges saben caturwulan ing pamrih saged anyekapaken 3 wucalan. Saben wucalan kaperang dados 6 pantha, inggih punika: Waosan, kawruh basa, paramasastra, kasusastran, aksara Jawi lan ngarang. Ing pungkasan saben buku kalampiraken cathetan tembung-tembung ingkang mengku pangertosan mligi ing babagan basa lan sastra tuwin tembung-tembung ingkang perlu angsal kawigatosan.

Kintenipun perlu kaaturaken bilih serat wucalan basa Jawi TATARAN ANYAR punika dipun pepaki Kepek Cilik BASA JAWA, minangka buku bantu ingkang karaos kathah gina-paedahipun tumrap para Guru tuwin para Siswa.

Ing pungkasanipun atur, para pangrakit percados bilih kawicaksananipun para Guru sangat ageng pangaribawanipun tumrap sampurnanipun wucalan basa Jawi ing sekolahan. Pramila saking punika sanget agenging pangajeng-ajeng, para Guru tuwin para among pepetri basa Jawi kersaa paring panyaruwe dalah sumbang-surung pamanggih murih langkung sampurnanipun sarat punika.

Nuwun,

Pangrakit

1