Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kurawa gawe reka, apus krama. Ing Waranawata digawe bale agung arane Bale Sigalagala.

Sawiji dina dewi kunthi karo putrane, para Pandhawa, diundang menyang Bale Sigala-gala. Lakune didherekake para panakawan, Semar, Gareng lan Petruk. Para Pandhawa diundang menyang bale agung ing Waranawata kuwi jarene Kurawa arep diajak suka parisuka.

Ing kana Pandhawa ditampa kanthi bungah. Banjur padha seneng-seneng, mangan lan ngombe enak-enak. Nganti ora ngerti manawa satemene Pandhawa kuwi kaya iwak mlebu wuwu. Padha kena apuse Kurawa.

Nalika padha suka-suka ing Bale Sigalagala, ndadak bale agung kuwi diobong. Kahanan dadi geger. Pandhawa ing njero bebaya geni, Kurawa suka-suka rumangsa klakon bisa nyirnakake mungsuhe. Nanging satemene kurawa kecelik, amarga Bima bisa nylametake ibune lan sedulur-sedulure saka bebaya. Luput saka geni sing ngalad-alad, bisa ninggalaké bale Sigalagala. Manut pituduhe garangan putih.

Jam lima wayange wis bubar. Suminar karo Andaru banjur mulih.


B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !

  1. Omahe sapa sing nanggap wayang ?
  2. Bocah-bocah anggone lumaku ing pinggir endi ?
  3. Sing disimping ing pinggir. wayang sing kepriye ?
  4. Dhalange nuthuk kothak nganggo apa ?
  5. Kurawa kuwi cacahe pira ?
  6. Kurawa nedya nyirnakake Pandhawa. Nyangapa tumindak mengkono?
  7. Bale agung sing digawe IKurawa jenenge apa?
  8. Sapa sing ndherekake Dewi Kunthi lan para Pandhawa ?
  9. Manut pituduhe sapa Dewi Kunthi lan Pandhawa bisa slamet saka bebaya ?
  10. Jam pira wayange bubar ?

59