Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 8

1. A. Wacan.

NONTON WAYANG

Mulih sekalah Suminar enggal-enggal mangan lan ganti sandhangan. Dheweke karo Andaru arep nonton wayang ing omahe pak Jaidi, kawituwa ing desa Sanggrahan kono.

Nalika bocah loro mudhun saka tlundhagan ngarep, Arti karo Manik wis ngenteni ing ratan. Bocah-bocah mau banjur budhal. Lakune ing pinggir kiwa, dalane rame akeh tetumpakan.

Tekan panggonan tontonan wong wis akeh, uyel-uyelan. Dhalange ngadhep kelir amba, wayange disimping ing kiwa tengen. Wayang sing gedhe-gedhe ana ing pinggir, Padha ngadeg ditancepake ing gedebog. Tabuhane ngungkung, kepyake kerep muni. Sedhela-sedhela dhalange nuthuk kothak nganggo cempala.

Sajake lakone pancen rame.

Ing crita, Yudhistira, Bima lan Arjuna isih enom. Malah Nakula lan Sadewa sing kembar kae, isih, cilik-cilik. Pandhawa lima kuwi nedya disirnakake dening para Kurawa sing cacahe satus. Amarga kuwatir yen Pandhawa njaluk balik nagara Astina.

58