Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

dheweke durung bisa maca. Isih lagi kelas siji anyar.

Ora suwe maneh Maria teka, ulate sumringah.

"Wis suwe ngenteni aku ?”

Manik sumaur, “Durung Maria. Lagi maca oleh patang kaca, kowe wis teka.”

“Arti, aku diutus Bapak, kowe kabeh wae supaya teka ing ngomahku. Anggone rujakan diwurungake wae, priye ?”

Bareng dipikir sedhela, kabeh sarujuk. Dina kuwi ora sida rujakan. Bocah-bocah padha menyang omahe Maria Kristanti. Ing kana padha disuguhi roti.

“Dina iki libur, kabeh rak bungah ta atimu ?” takone bapake Maria.

"Bingah, bingah pak, “sumaure Suminar,

“Pancen ya mesthi bungah, kajaba iku pancen dina iki dina gedhe. Dina wiyosane Gusti Yesus Kristus. Panjenengane miyos ing Betlehem, tanah Palestina, Miyos saka kandhutane Ibu Maria.”

Saka greja keprungu kidung Dalu Suci.

Bocah-bocah padha ngrungokake ngendikane Pak Yosef, bapake Maria Kristanti. Andaru sedhela-sedhela ngrogoh roti ing kaleng gedhe. Ora amelu dikedhep-kedhepi mbakyune.


B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !

  1. Suminar karo Ndaru dolan menyang endi ?
  2. Bocah-bocah semayan arep nyangapa ?
  3. Maria kuwi kanca anyar teka saka ngendi ?
  4. Jarene Arti, Maria isih menyang endi ?
  5. Olehe maca Manik oleh pirang kaca nalika Maria teka ?
  6. Geneya Andaru mung ndelengi gambar-gambar ?
  7. Ing omahe Maria Kristanti disuguhi apa ?
  8. Dina Natal kuwi wiyosane sapa ?
  9. Saka greja keprungu lagu apa ?
  10. Apa agamane Maria ?

25