Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 4


1. A. Wacan.

DINA NATAL


Sawise umbah-umbah Suminar dolan karo Andaru. Bocah loro menyang omahe Arti. Wingi wis padha semayan arep rujakan. Olehe rujakan karo Manik, Lestari lan Maria, Maria kuwi kanca anyar sing teka saka liya kutha.

Satekane ing omahe Arti, Manik karo Lestari wis ana kono.

“Endi Maria ?” takone Suminar.

Arti mangsuli, “Maria isih menyang greja karo Bapak lan ibune. Dina iki rak dina Natal, ing greja jare ana kebaktian.”

“Dheweke ora bisa teka?”

“Bisa, nanging mengko rada awan. Mau isih esuk umun-umun wis mrene aweh kabar, Mulane dienteni sedhela, mesthine ora suwe maneh dheweke teka.”

Bocah-bocah banjur padha mlebu ngomah, padha maca buku kapustakan. Andaru mung ndelengi gambar-gambare wae, amarga

24