Kaca:Tataran Anyar 2.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Kembang mawar, arume ngambar-ambar
  1. Kembang menur, tinandur pinggir .....
  2. Kembang mlathi, rupa putih merak .....
  3. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun .....
  4. Rujak nanas, pantes den wadhahi ......
  5. Wis suwe ora jamu, wis suwe ora .....

C. Tembang dolanan.
Coba tembangna!

GAMBANG SULING

Swara suling kumandhang swarane
Thulat-thulit kepenak unine
U...... nine, mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung ketipung suling
Sigrak kendhangane

V. Aksara Jawa.
1. A. Wacanen sing cetha lan bener!

ꦲꦤ ꦧꦪ ꦭꦺꦴ ꦫꦺꦴ꧉
ꦏꦫꦺꦴ ꦏꦼꦧꦺꦴ ꦠꦼꦭꦸ꧉
ꦧꦪꦤꦺ ꦭꦫ ꦩꦠ꧉
ꦥꦸꦥꦸꦤꦺ ꦏꦼꦧꦺꦴ ꦠꦠꦸ꧉
ꦥꦣ ꦣꦺꦣꦺ ꦲꦤ ꦲꦫ ꦲꦫ꧉

22