Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

7

Wiyosé Lan Timuré

tanah Yudéa. Kados ingkang sampun kaserat déning nabi, mekaten:

 'Kowe kutha Bètlehèm, ing tanah Yahuda,
 kowé babar pisan dudu kutha sing rèmèh dhéwé
 ing antarané kutha-kutha ing Yahuda,
 awit saka ing kowé bakal miyos penuntun
 kang bakal ngengon umatKu Israèl.'"

 Sawusé olèh ketrangan mengkono, Sang Prabu Hérodès banjur utusan nimbali para ahli palintangan saka tanah wétan mau kanthi dhedhemitan. Sang Prabu banjur ndangu klawan tliti kapan sanyatané lintang kuwi olèhé wiwit katon. Sawisé kuwi para ahli palintangan mau kadhawuhan mangkat menyang kutha Bètlehèm, karo diweling mengkéné: "Padha mangkata, titi priksanen sing tliti bab Sang Bayi kuwi. Déné yèn wis ketemu, énggal padha matura marang aku, supaya aku iya bisa mrana saos bekti marang Panjenengané."
 Sawisé nampani dhawuhé Sang Prabu Hérodès mau, para ahli palintangan banjur padha mangkat. Sajroné padha mlaku, lintang sing mauné padha dideleng ana ing wétan, kuwi katon menèh. Lintang kuwi ndhisiki lakuné, banjur mandheg ana ing ndhuwuré padunungané Sang Bayi. Bareng weruh lintang mau, para ahli palintangan padha bungah banget. Tumuli padha mlebu ing omah lan ing kono padha weruh Sang Putra karo Maryam, ibuné. Banjur padha sujud lan nyembah marang Sang Putra. Sawisé mengkono para ahli palintangan mau banjur padha mbukaki pethiné rajabrana, lan nyaosaké pisungsung marang Sang Bayi, arupa mas, menyan lan blendok mur.
 Nalika mulih, para ahli palintangan mau padha ora metu ing dalan sing mauné diliwati. Sebab padha olèh dhawuh saka Pangéran ing sajroné impèn, supaya aja padha bali sowan ing ngarsané Sang Prabu Hérodès.

Gusti Yésus kaungsèkaké menyang tanah Mesir

Mat. 2:13-15

 Bareng para ahli palintangan wis padha mangkat, nuli ana malaékating Pangéran ngetingal marang Yusuf sajroné impèn. Malaékat mau ngandika: "Tangia, Sang Putra lan ibuné padha ungsèkna menyang tanah Mesir. Manggona ana ing kana nganti aku awèh weruh marang kowé, awit Sang Prabu Hérodes bakal nggolèki Sang Putra arep disédani."
 Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga banjur nggawa Sang Putra lan ibuné ngungsi menyang tanah Mesir. Banjur padha manggon ana ing kono nganti sasédané Sang Prabu Hérodès. Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing wis didhawuhaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné: "Saka ing tanah Mesir enggonKu nimbali Putraku."

Bocah-bocah ing kutha Bètlehèm padha dipatèni

Mat. 2:16-18

 Sang Prabu Hérodès duka banget, sebab pirsa yèn diapusi déning para ahli palintangan saka ing tanah wétan mau. Panjenengané banjur dhawuh matèni sakèhé bocah lanang ing kutha Bètlehèm lan sakiwa-