Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wiyosé Lan Timuré

6

ngéran jumeneng ana ing sacedhaké, lan cahya kamulyaning Pangéran madhangi wong-wong mau, nganti padha wedi banget. Nanging malaékat mau ngandika: "Aja wedi, sebab tekaku iki nggawa kabar becik kanggo kowé, lan sing bakal bungahaké wong kabeh. Ing dina iki wis miyos Juru Slametmu ana ing kuthané Sang Prabu Dawud, yakuwi Sang Kristus kang jumeneng Gusti. Déné tengerané mengkéné: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong, sumèlèh ana ing wadhah pakaning kéwan."

 Dumadakan mbarengi malaékat mau ana malaékat akeh banget, padha memuji marang Gusti Allah, tembungé:

 "Pinujia Allah kang ana ing ngaluhur,
 lan tentrem rahayu ana ing bumi
 tumrap wong sing dikasihi déning Gusti Allah!"

 Sakonduré para malaékat mau menyang swarga, para pangon nuli padha rerasanan: "Ayo padha mangkat menyang kutha Bètlehèm lan ndeleng apa sing wis kelakon ana ing kana, kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah marang kita."

 Para pangon mau nuli énggal-énggal padha mangkat, lan ketemu Maryam lan Yusuf, sarta Sang Bayi, sing sumèlèh ana ing wadhah pakan kéwan. Bareng weruh bayi kuwi, para pangon nuli padha nyritakaké apa sing dingandikakaké déning malaékat bab Sang Bayi mau. Kabeh wong sing padha krungu critané para pangon mau padha gumun banget. Nanging Maryam nyathet kuwi mau kabèh ana ing atiné, sarta dirasak-rasakaké, apa tegesé kuwi mau kabèh. Para pangon mau nuli padha bali, sarta ngluhuraké Gusti Allah srana puji-pujian, sebab apa sing dirungu lan dideleng mau kabèh cocog banget karo sing dingandikakaké déning malaékat.

Gusti Yésus ditetaki lan ditetepaké asmané

Luk. 2:21

 Sawisé umur wolung dina, Sang Bayi nuli ditetaki, lan ditetepaké asmané: Yésus, yakuwi jeneng sing dingandikakaké malaékat marang Maryam, sadurungé ngandheg Sang Bayi mau.

Tamu-tamu saka ing tanah wétan

Mat. 2:1-12

 Kutha panggonané Gusti Yésus miyos mau arané Betlehèm, dunungé ing tanah Yudéa. Nalika semono sing jumeneng raja ing tanah Yudéa Sang Prabu Hérodès. Ing kono ana ahli palintangan sawetara saka tanah wétan padha teka ing kutha Yérusalem. Banjur padha takon: "Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos menika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing sisih wétan; lan enggen kula dhateng mriki menika sami badhé saos bekti dhateng Panjenenganipun."

 Bareng krungu sing mengkono mau Sang Prabu Hérodès kaget banget. Semono uga wong sakutha Yérusalem iya padha kaget. Sang Prabu banjur utusan ngumpulaké para pengareping imam lan para ulama, banjur padha didangu: "Sang Kristus kuwi bakal miyos ana ing endi?"

 Wangsulané sing padha didangu: "Wonten ing kitha Betlehem, ing