Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

I. Wiyosé Lan Timuré

Wiyosé Gusti Yésus Kristus

Mat.1:18-25

 Anadéné wiyosé Gusti Yésus Kristus kuwi kelakoné mengkéné: Nalika Maryam ibuné Gusti Yésus isih pacangan karo Yusuf, lan durung padha ningkah, Maryam wis mbobot merga saka pangwasané Sang Roh Suci. Sarèhné wong mursid, Yusuf ora gelem gawé wirangé Maryam ana ing ngarepé wong akéh; mula thukul gagasané arep medhot enggoné pepacangan karo Maryam mau kanthi meneng-menengan. Nanging bareng lagi nggagas-nggagas mengkono, banjur ana malaékate Pangéran nemoni Yusuf sajroning impèn. Malaékat mau ngandika: "Yusuf, tedhak turuné Dawud, kowé aja mangu-mangu ngepèk Maryam dadi bojomu, awit bayi sing ana ing wetengané kuwi asalé saka pangwasané Sang Roh Suci. Maryam bakal mbabar putra kakung. Bayi kuwi namakna Yésus, awit iya Panjenengané kuwi sing bakal nylametaké umaté saka ing dosané."

 Kuwi mau kabéh supaya kelakon sing dingandikakaké déning Pangéran lantaran nabiné, mengkéné: "Bakal ana prawan mbobot, sarta mbabar putra kakung, kang bakal dinamakaké Immanuel." ("Immanuél' kuwi basa Ibrani, tegesé: 'Allah nunggil karo kita'.)

 Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni kaya sing didhawuhaké déning malaekaté Pangéran mau Maryam banjur diningkah, nanging ora diwori turu nganti tumekané babaran. Putrane kakung; Yusuf namakaké putra mau Yésus.

Wiyose Gusti Yésus

Luk. 2:1-7

 Nalika semana kaisar Agustus paring dhawuh, supaya para kawulaning krajan Rum kabèh padha nyathetaké jenengé, lan diétung cacahé. Cacah jiwa sing kapisan kuwi ditindakaké nalika Kirénius dadi gubernur ing tanah Siria. Wong kabèh banjur padha mangkat ndhaftaraké jenengé ing kutha asalé dhéwé-dhéwé.

 Yusuf iya nuli mangkat saka kutha Nasarèt ing tanah Galiléa, menyang kutha Bètlehèm, ing tanah Yudéa. Bètlehèm kuwi kutha kelairané Sang Prabu Dawud. Mangka Yusuf kuwi tedhak turuné Sang Prabu Dawud. Lungané Yusuf mau bebarengan karo Maryam, pacangané, sing lagi ngandheg. Nalika wong loro mau tekan ing kutha Bètlehèm, Maryam enggoné ngandheg wis tekan wektuné babaran. Maryam nuli mbabar putra kakung, putra pembarep. Putra mau nuli digedhong, banjur disèlèhaké ana ing wadhah pakan kéwan, jalaran Yusuf lan Maryam padha ora oleh panggonan ana ing omah penginepan.

Para pangon lan para malaékat

Luk. 2:8-20

 Ing dhaérah kono wengi kuwi ana pangon-pangon sing lagi padha nginep ana ing ara-ara, njaga wedhusé. Dumadakan ana malaékating Pa-