Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ketrangan

 "Prejanjian Anyar" kuwi jenengé Kitab, sing nyritakaké bab Gusti Yésus Kristus. Kitab iku karan mengkono merga ngemot bab janjiné Gusti Allah marang manungsa adhedhasar sangsara, séda lan wunguné Gusti Yésus Kristus. Prejanjian mau disebut Injil utawa Kabar Kabungahan, merga wosé: Gusti Allah prejanji ngluwari manungsa saka dosa lan paukuman pati sepira sing precaya lan nganggep Yésus Kristus mau Gusti lan Juru Slameté.

 Nalika sugengé, Gusti Yésus dedalem ing tanah Palestina, ing tengahé bangsa Yahudi. Tanah Palestina iku dunungé mencil lan masarakaté béda karo masarakat kita. Mengkono uga basa lan adat tata-carané.

 Sugengé Gusti Yésus kuwi minangka tuladha, lan pangandikané minangka piwulang kanggo kita. Ana kalané Gusti Yésus mulang marang wong akèh, ana kalané piwulangé mung kawedharaké marang para muridé utawa marang wong sawetara sing ndhèrèkaké Panjenengané.

 Paseksèn bab sugengé lan piwulang-piwulangé Gusti Yésus mau ditulis déning para pendhèreké nganggo basané wong jaman semana. Basa mau béda karo basa kita, lan béda karo basané bangsa-bangsa jaman saiki. Mulané tulisan mau prelu disalin ing basa-basa sing dienggo déning bangsa-bangsa jaman saiki, supaya akèh wong sing tepung karo Gusti Yésus lan ngreti apa tegesé ndhèrèk Panjenengané.

 Kejaba awèh ketrangan lan paseksèn bab sugengé lan piwulangé Gusti Yésus, Kitab "Prejanjian Anyar" uga ngatag marang para wong sing maca supaya netepaké adegé tumrap marang Gusti Yésus. Mulané pethikan-pethikan iki dipilih lan disebar, supaya akèha wong sing nyumurupi dhasar-dhasaré sugeng lan piwulangé Gusti Yésus.