Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

44

Gusti Yesus disalib

Mrk, 15:21-32

 Ana ing dalan para prejurit kepethuk wong lanang sing banjur dipeksa dikon manggul salibé Gusti Yésus. Wong mau pinuju teka saka désa, arep mlebu kutha. (Wong mau jenengé Simon, asal saka kutha Kiréné, bapakné Aleksander lan Rufus.) Gusti Yésus digawa menyang panggonan sing karan Golgota, sing tegesé "Panggonan cumplung". Ana ing kono Gusti Yésus arep dicaosi ngunjuk anggur sing dicampuri 'mur', nanging ora kersa ngunjuk. Wekasané wong-wong mau padha nyalib Gusti Yésus. Agemané banjur padha diedum, srana diundhi, supaya saben wong nampani bagéan manut undhi mau. Gusti Yésus kasalib jam sanga ésuk. Ing sandhuwuré salibé ditulis pendakwa sing marakaké Panjenengané nganti disalib, yakuwi "Ratuné wong Yahudi". Bareng karo penyalibé Gusti Yésus mau, wong-wong mau uga padha nyalib bégal loro, siji ana ing satengené Gusti Yésus, sijiné ana ing sakiwané. [Srana mengkono kang katulis ing Kitab Suci kelakon temenan, yakuwi: 'Panjenengané kepétung wong ala.']

 Wong-wong sing padha liwat ana ing kono padha ngisin-isin lan moyoki. Wong-wong mau padha gèdhèg-gèdhèg lan padha muni: "Saiki rasakna! Kowé arep ngrubuhaké Pedalemané Allah, lan arep kokadegaké menèh sajroné telung dina. Coba, saiki mudhuna saka salib, tulungana awakmu dhéwé!"

 Para pengareping imam lan para ahli Torèt uga padha moyoki, padha muni siji karo sijiné: "Dhèwèké nylametaké wong liya, nanging nylametaké awaké dhéwé ora bisa? Menawa dhèwèké Ratuné bangsa Israel temenan, Juruslamet sing dijanjèkaké déning Gusti Allah, karebèn mudhun saka salib. Yèn pancèn mengkono, mengko aku dak padha precaya marang dhèwèké!"

 Wong-wong sing padha disalib bebarengan karo Gusti Yésus kuwi uga padha mélu moyoki.

Sédané Gusti Yesus

Mrk. 15:33-41

 Bareng jam rolas awan, sanegara dadi peteng, nganti jam telu. Nalika jam telu kuwi Gusti Yésus nguwuh kanthi sora: "Éloi, Éloi, lama sabakhtani?", sing tegesé: "Dhuh Allah Kawula, Allah Kawula, kénging menapa Paduka nilar Kawula?"

 Wong-wong sing padha krungu panguwuhé mau banjur kandha: "Wong kuwi ngundang nabi Élia!"

 Banjur ana salah siji sing énggal-énggal njupuk sepon, banjur dicelupaké ing anggur kecut, nuli disundukaké ing pucuking kayu dawa, ditèmpèlaké ing lathiné Gusti Yésus, supaya dicecep, karo muni: "Coba kita entèni, nabi Élia mengko rawuh nulungi Wong kuwi mudhun saka salib apa ora."

 Gusti Yésus banjur nguwuh menèh, tumuli séda.

 Geber sing ana ing Pedaleman Suci suwèk dadi loro, saka ndhuwur mengisor. Perwira tentara sing ngadeg ana ing sangarepé salib kono menangi enggoné Gusti Yésus nguwuh banjur séda. Perwira mau