Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

43

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

Gubernur Pilatus ndangu marang Gusti Yésus: "Apa bener, kowé ratuné wong Yahudi?"

 "Inggih leres menapa ingkang panjenengan ngandikakaken," mengkono ngandikané Gusti Yésus.

 Para pengareping imam banjur padha ngaturaké pendakwa werna-werna. Gubernur Pilatus banjur ndangu menèh marang Gusti Yésus: "Apa kowé ora mangsuli apa-apa? Coba, semono akèhé pendakwané marang kowé!"

 Nanging Gusti Yésus ora ngandika babar pisan, nganti Gubernur Pilatus gumun.

Gusti Yesus diputusaké diukum pati

Mrk. 15:6-15

 Lumrahé pendhak riaya Paskah Gubernur Pilatus ngluwari wong ukuman siji, manut pilihané wong akèh. Nalika semono ing pakunjaran ana wong lanang jenengé Barabas. Wong mau panunggalané pembrontak sing padha matèni wong nalika ana rerusuh. Wong-wong padha sowan marang Gubernur Pilatus, sarta nyuwun luwaré wong ukuman siji, kaya adaté. Gubernur Pilatus banjur ndangu marang wong akèh mau: "Apa kowé rujuk, yèn aku ngluwari ratuné wong Yahudi iki?"

 Gubernur Pilatus wis pirsa, yèn para pengareping imam enggoné ngla dèkaké Gusti Yésus marang panjenengané, kuwi merga saka drengkiné.

 Nanging para pengareping imam padha ngojok-ojoki wong akèh, supaya padha nyuwun luwaré Barabas. Gubernur Pilatus banjur ndangu marang wong akèh mau: "Nèk ngono, banjur wong sing kasebut ratuné wong Yahudi iki kudu dakkapakaké?"

 Wong-wong mau padha mbengok saur manuk: "Disalib mawon!"

 Pitakoné Gubernur Pilatus: "Nanging kaluputané wong iki apa?"

 Wong-wong mau banjur padha bengok-bengok luwih sora menèh: "Disalib mawon!"

 Mulané Gubernur Pilatus banjur ngluwari Barabas kanggo wong-wong kuwi, supaya marem atiné. Pilatus nuli dhawuh, supaya Gusti Yésus dipecuti, banjur dipasrahaké supaya disalib."

Gusti Yesus dienggo geguyon

Mrk. 15:16-20

 Gusti Yésus digawa déning para prejurit menyang bangsal pengadilan, ing gubernuran. Prejurit-prejurit kabèh tumuli diklumpukaké. Gusti Yésus banjur padha diagemi jubah wungu déning para prejurit mau, lan digawèkaké makuthan saka eri. Makuthan mau banjur diagemaké ana ing mestakané. Sawisé kuwi para prejurit nuli awèh pakurmatan marang Gusti Yésus, karo muni: "Saos bekti, ratunipun tiyang Yahudi!" Mestakané Gusti Yésus banjur dithuthuk nganggo kayu lan Panjenengané banjur diidoni, sarta padha sujud ana ing ngarsané. Bareng wis padha marem enggoné nggawé geguyon, jubahé wungu banjur diuculí, lan agemané Gusti Yésus diagemaké menèh. Tumuli Panjenengané digawa metu menyang sanjabané kutha, arep disalib.