Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

34

Yudas Iskariot, marani para pengareping imam. Yudas mau banjur matur: "Kula badhé panjenengan épahi menapa, menawi kula masrahaken Gusti Yésus dhateng panjenengan?" Yudas Iskariot nuli diwènèhi dhuwit telung puluh sèkel selaka. Wiwit nalika kuwi Yudas golèk wewengan, supaya bisa masrahaké Gusti Yésus marang para pengareping imam.

Gusti Yesus dhahar bujana Paskah karo para muridé

Mat. 26:17-25

 Ing dina wiwitaning riaya Roti-Tanpa-Ragi, para muridé Gusti Yésus padha sowan ing ngarsané. Banjur matur: "Gusti ngersakaken dhahar bujana Paskah wonten ing pundi? Mangké badhé sami kula cawisaken."

 Gusti Yésus ngandika: "Lungaa nemoni si Anu lan kandhaa: 'Bapak Guru ngandika: wektuKu mung kari saiki; Aku kepéngin dhahar bujana Paskah ana ing omahmu, bebarengan karo murid-muridKu!' "

 Para murid sing diutus mau nuli mangkat nindakaké apa sing didhawuhaké déning Gusti Yésus, nyawisaké bujana Paskah.

 Bareng wis soré Gusti Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para muridé. Nalika isih padha dhahar, Gusti Yésus ngandika: "Ngretia,

salah siji panunggalanmu bakal ngulungaké Aku marang wong-wong sing ngarah matèni Aku."

 Bareng ngrungu pangandika mau para muridé Gusti Yésus padha sedhih banget, banjur genti-gentèn padha matur: "Rak sanès kula ta Gusti?"

 Gusti Yesus ngandika: "Wong sing nyelupaké rotiné ana ing mangkok iki bareng karo Aku, kuwi wongé sing bakal ngulungaké Aku. Putrané Manungsa pancèn pinesthi séda, sebab ing Kitab Suci wis ditulis bab enggoné bakal séda. Nanging cilaka wong sing ngulungaké