Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

29

Murid-muridé

 Gusti Yésus dhawuh: "Watuné singkirna."

 Marta, seduluré sing mati mau, nuli matur: "Guru, piyambakipun sampun dipun kubur kawan dinten kepengker. Temtu sampun mambet."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Aku rak wis kandha: 'Yèn kowé precaya, kowé bakal weruh gedhéning pangwasané Allah.' "

 Watu sing nutupi kubur mau nuli padha disingkiraké. Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan ndedonga: "Kawula ngaturaken panuwun dhateng Paduka, dhuh Rama, margi Paduka sampun miyarsakaken panyuwun Kawula. Kawula sumerep, bilih Paduka tansah miyarsakaken panyuwun Kawula. Éwadéné enggèn Kawula matur menika, karana tiyang-tiyang ingkang sami wonten ing ngriki, supados sami pitados, bilih Kawula menika utusan Paduka!" Sawisé matur mengkono, Gusti Yésus nuli ngandika klawan sora: "Lasarus, metua!" Lasarus sing wis mati kuwi banjur metu. Tangan lan sikilé isih pocongan mori putih, semono uga rainé isih ketutupan lawon kringet (kacu). Dhawuhé Gusti Yésus marang wong-wong sing ana ing kono: "Moriné uculana, karebèn bisa uwal!"


V. Murid-muridé

Pengakuné Pétrus bab Gusti Yesus

Mat. 16:13-20

 Gusti Yésus tindak menyang wilayah sacedhaké kutha Kaisaréa Filipi. Ing kono Panjenengané ndangu marang para muridé: "Miturut kandhané wong, Putraning Manungsa kuwi sapa?"

 Para murid padha mangsuli: "Wonten ingkang mestani Panjenengan menika nabi Yohanes Pembaptis. Wonten ingkang mestani nabi Élia. Wonten malih ingkang mestani nabi Yérémia, utawi salah setunggaling nabi."

 Gusti Yésus banjur ndangu: "Lha yèn miturut kowé dhéwé, Aku iki sapa?"

 Simon Pétrus mangsuli: "Panjenengan menika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang."

 "Begja kowé, Simon bin Yunus," pangandikané Gusti Yésus, "awit dudu manungsa sing medharaké marang kowé bab kuwi, nanging RamaKu sing ana ing swarga. Mulané kowé Dakkandhani: Kowe kuwi Pétrus, (Tembung 'pétrus', tegesé: watu karang) lan ana ing watu karang iki Aku bakal ngedegaké pasamuanKu, sing ora bakal bisa ditelukaké, senajan déning pati pisan! Kowé bakal Dakpasrahi kuncining Pepréntahané Allah. Apa sing koktalèni ana ing bumi kéné, bakal ditalèni uga ana ing swarga. Lan apa sing kokuculi ana ing bumi kéné, kuwi uga diuculi ana ing swarga."

 Sawise kuwi Gusti Yésus banjur dhawuh marang para muridé, supaya