Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

28

Gusti Yésus muwun

Yoh. 11:28-37.

 Sawisé matur mengkono, Marta nuli ngundang Maryam, mbakyuné, sarta dibisiki: "Guru wis rawuh lan nakokaké kowé." Bareng krungu mengkono, Maryam nuli énggal-énggal ngadeg lan methukaké Gusti Yésus. (Nalika semana Gusti Yésus durung mlebet ing désa Bètani, nanging isih ana ing panggonan nalika ketemu karo Marta.) Bareng wong-wong Yahudi sing lagi padha linggih ana ing omah nglipur Maryam, weruh Maryam ngadeg lan metu rerikatan, nuli padha ngetutaké, sebab dikira arep lunga menyang kubur lan nangis ana ing kana.

 Bareng Maryam tekan panggonané Gusti Yésus lan weruh Panjenengané, banjur jèngkèng ana ngarsané sarta matur: "Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, sedhèrèk kula mesthi mboten pejah!"

 Bareng pirsa Maryam nangis, lan wong-wong Yahudi sing padha ngetutaké iya padha nangis, Gusti Yésus penggalihé trenyuh banget. Panjenengané nuli ndangu: "Dikubur ana ing endi?"

 Wangsulané sing padha didangu: "Mangga Gusti, menawi badhé pirsa.

 Gusti Yésus nuli muwun. Temah wong-wong Yahudi padha muni: "Semono tresnané marang Lasarus."

 Nanging ana uga sing muni: "Panjenengané wis ngelèkaké mripaté wong wuta, yagéné ora bisa nyegah patiné Lasarus?"

Lasarus katangèkaké saka ing pati

Yoh. 11:38-44

 Gusti Yésus tindak menyang kuburan karo trenyuh penggalihé. Kubur mau wujudé kaya guwa, sing ditutupi watu gedhé.