Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

27

Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

rus, seduluré. Ewasemono nalika mireng bab larané Lasarus mau, Panjenengané malah nginep rong dina meneh ana ing panggonan kono. Lagi sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Ayo, kita padha bali menyang tanah Yudéa."

 Para sekabat nuli padha matur: "Guru, nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudi badhé mbenturi séla Panjenengan, lha kok samenika Panjenengan sampun ngajak tindak mrika malih?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Sedina kuwi apa ora rolas jam? Yèn mlaku ing wayah awan, wong ora kesandhung, merga padhang. Nanging yèn wong mau mlaku ing wayah bengi, bakal kesandhung, merga peteng." Sawisé kuwi Gusti Yésus nyambeti, pangandikané: "Mitra kita Lasarus lagi turu, mulané arep Dakgugah."

 Aturé para sekabaté: "Guru, menawi Lasarus namung tilem, temtunipun mangké badhé saras."

 Mangka sing dikersakaké Gusti Yésus kuwi satemené Lasarus wis mati. Saka pengirané para sekabat, Gusti Yésus ngandika yèn Lasarus turu temenan. Mulané Gusti Yésus nuli mblakakaké yèn satemené Lasarus wis mati. "Aku bungah déné Aku ora mbeneri ana ing kana. Kuwi ana beciké tumrap kowé kabèh, supaya kowé padha precaya. Ayo kita padha mangkat menyang omahé Lasarus."

 Tomas, sing diparabi 'Didimus' (tegesé wong kembar), kandha marang kanca-kancané sekabat: "Ayo kita padha ndhèrèk Guru, karebèn kita mati bareng karo Panjenengané."

Gusti Yésus nangèkaké lan nguripaké wong mati'

Yoh. 11:17-27

 Nalika tindaké Gusti Yésus tekan désa Bètani, Lasarus wis dikubur patang dina kepungkur. Bètani kuwi saka kutha Yérusalém adoh-adohé mung telung kilomèter. Wong Yahudi wis akèh sing padha layat mrono, prelu nglipur Maryam lan Marta, sing kepatèn Lasarus, seduluré.

 Bareng Marta krungu yèn Gusti Yésus rawuh, banjur metu mbagèkaké, nanging Maryam kèri ana njero omah. Marta banjur matur marang Gusti Yésus: "Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, temtu Lasarus sedhèrèk kula, mboten badhé pejah. Éwasemanten kula pitados, bilih samenika ugi Gusti Allah badhé njurungi menapa ingkang Panjenengan suwun."

 Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: "Sedulurmu bakal urip menèh."

 Wangsulane Marta: "Kula pitados, bilih Lasarus badhé gesang malih ing dinten kiyamat, samangsa tiyang-tiyang pejah katangèkaken."

 Ngandikané Gusti Yésus marang Marta: "Sing nangèkaké wong mati kuwi Aku, lan sing mènèhi urip marang manungsa kuwi Aku. Wong sing precaya marang Aku, senajan wong mau wis mati, bakal urip menèh. Lan wong sing isih urip, sing precaya marang Aku, ora bakal mati ing selawasé. Apa kowé precaya bab kuwi?"

 Wangsulané Marta: "Guru, kula pitados bilih Panjenengan menika Putraning Allah, Sang Kristus, ingkang kautus rawuh ing donya."