Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

26

 Para sekabat nuli njupuki sisa-sisa mau kabèh. Bareng diwadhahi dadi rolas rinjing kebak; semono sisané roti sair lima lan iwak loh loro, sing dipangan déning wong-wong mau.

 Bareng wong akeh mau weruh kaèlokan sing ditindakaké déning Gusti Yésus, nuli padha muni: "Nyata, iki Sang Nabi sing rawuhé kita anti-anti!" Sarèhné Gusti Yésus pirsa, yèn wong-wong mau arep meksa ngangkat Panjenengané dadi ratu, Gusti Yésus nuli sumingkir, sarta minggah gunung menèh piyambakan.

Gusti Yésus marasaké Bartiméus

Mrk. 10:46-52

 Tindaké Gusti Yésus lan para muridé wis tekan ing kutha Yériko. Bareng arep metu saka kutha kono, kadhèrèkaké déning wong sapirang-pirang, dumadakan ing sapinggiring dalan ana wong wuta ngemis, jenengé Bartiméus, anaké Timéus. Bareng krungu, yèn sing langkung ing dalan kono kuwi Yésus saka kutha Nasarèt, Bartiméus banjur nguwuh: "Gusti Yésus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi welas dhateng kawula."

 Wong-wong padha ngélikaké Bartiméus, dikon meneng. Nanging malah saya seru panguwuhé: "Putranipun Sang Prabu Dawud, mugi Panjenengan welas dhateng kawula!"

 Gusti Yésus banjur mandheg lan ngandiko marang wong-wong sing ana ing kono: "Wong kuwi undangen mréné."

 Wong wuta mau nuli diundang; wong akèh padha ngandhani Bartiméus: "Wis menenga! Kowé ditimbali Guru, ngadega!"

 Bartimeus banjur enggal-enggal nguculi jubahé, lan banjur rerikatan marani Gusti Yésus.

 Gusti Yésus banjur ndangu marang Bartiméus: "Aku kokkon apa? Kepriye karepmu?"

 Bartimeus mangsuli: "Kula kepéngin saged sumerep, Gusti!"

 Gusti Yésus banjur ngandika: "Ya, wis mundura. Precayamu sing mitulungi kowé."

 Sanalika Bartiméus bisa ndeleng, sarta banjur ndhèrèkaké Gusti Yesus.

Lasarus mati

Yoh. 11:1-16

 Ana wong lara, jenengé Lasarus. Omahé ana ing désa Bètani. Yakuwi désa panggonané Maryam lan Marta. (Maryam kuwi wong wadon sing ngesokaké lenga wangi ing sampéyané Gusti Yésus lan ngusapi nganggo rambuté. Déné Lasarus sing lara mau seduluré.) Maryam lan Marta padha ngaturi pirsa marang Gusti Yésus: "Guru, Lasarus, mitra Panjenengan ingkang Panjenengan tresnani samenika sakit."

 Nalika Gusti Yésus mireng pawarta mau, Panjenengané ngandika: "Larané Lasarus ora bakal njalari patiné, nanging supaya dadi lantarané asmané Allah kaluhuraké, lan srana mengkono Putrané Allah uga kaluhuraké."

 Gusti Yésus pancèn tresna marang Marta lan mbakyuné, tuwin Lasa-