Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

25

Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

tiyang-tiyang menika, senajan saben tiyang namung dipun sukani sekedhik-sekedhik."

 Sekabaté Gusti Yésus liyané, yakuwi Andréas, seduluré Simon Pétrus, matur: "Ing ngriki wonten laré jaler, ingkang gadhah roti sair gangsal iji lan ulam loh kalih. Nanging menapa ginanipun kanggé tiyang semanten kathahipun?"

 Gusti Yésus nuli dhawuh marang para sekabaté: "Wong-wong kabèh konen padha linggih!"

 Ing panggonan kono suketé akèh banget. Wong-wong nuli padha linggih; sing lanang cacahé wetara limang èwu. Gusti Yésus mundhut roti mau, banjur saos sukur marang Gusti Allah. Nuli ngedum-edum marang sing padha linggih ana ing kono; mengkono uga iwaké. Wong kabeh padha mangan nganti wareg. Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Sisané padha klumpukna; aja ana sethithik waé sing dibuang."