Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

24

Gusti Yésus nyirep prahara

Luk. 8:22-25

 Sawijining dina Gusti Yésus lan para sekabaté nitih prau. Gusti Yésus ngandika marang para sekabat mau: "Ayo padha nyabrang mrana." Prauné tumuli mangkat. Nalika lagi padha lelayaran mau, Gusti Yésus saré. Dumadakan ing segara ana prahara gedhé. Prauné kelebon banyu nganti nguwatiraké banget. Para sekabat nuli padha marani Gusti Yésus. Panjenengané diwungu, aturé: "Gusti, Gusti kawula sami ketiwasan!"


 Gusti Yésus nuli wungu. Angin lan segara mau didhawuhi supaya lerem kabèh. Gusti Yésus nuli ngandika marang para sekabaté: "Pengandelmu ana ing endi?"

 Para sekabat mau padha wedi lan gumun banget, sarta padha rerasanan: "Wong iki sapa ta, déné nganti angin lan ombak padha ngèstokaké dhawuhé?"

Gusti Yésus maringi mangan wong limang èwu

Yoh. 6:1-15

 Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli kondur menyang sabrangé segara Galiléa, (sing uga disebut: segara Tibérias). Akèh wong sing ndhèrèkaké Panjenengané, sebab wis padha ndeleng mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Gusti Yésus, nalika Panjenengané marasaké wong-wong lara. Gusti Yésus nuli minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono karo para sekabaté. Nalika semana ngarepaké Paskah, riayané wong Yahudi. Bareng mirsani ngiwa-nengen, Gusti Yésus mirsa wong akèh gumrudug marani Panjenengané. Gusti Yésus nuli ngandika marang Filipus: "Ana ing ngendi enggoné bisa tuku pangan, kanggo wong kabèh iki?" (Enggoné Gusti Yésus ngandika mengkono mau mung kanggo nyoba Filipus; Gusti Yésus piyambak wis pirsa apa sing arep ditindakaké.)

 Filipus mangsuli: "Roti pengaos kalihatus dinar dèrèng cekap kanggé