Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

23

Kaélokan-kaélokan Sing Ditindakaké

pining pésta ora ngreti saka endi asalé anggur mau, awit mung para peladen sing padha ngisèkaké banyu ana ing genthong-genthong kuwi waé sing padha ngreti.) Pemimpining pésta nuli ngaturi pirsa marang pengantèn lanang, banjur matur: "Limrahipun ingkang dipun ladosaken rumiyin menika anggur ingkang éca, lan menawi para tamu sampun ngunjuk radi kathah, lajeng saweg anggur ingkang limrah. Nanging menapa sebabipun anggur ingkang saé kok panjenengan simpen lan saweg kaladosaken samenika?"

 Iki mujijat sing kawitan, sing ditindakaké Gusti Yésus, kelakoné ana ing kutha Kana, tanah Galiléa. Srana mujijat mau Gusti Yésus ngetingalaké kamulyané; mulané para murid nuli padha precaya marang Panjenengané.

 Sakonduré saka ing kono, Gusti Yésus, ibuné, lan sedulur-seduluré, banjur tindak menyang Kapernaum sarta nginep ana ing kana sawetara dina.

Gusti Yésus marasaké wong lumpuh

Mrk. 2:1-12

 Sawisé sawetara dina Gusti Yésus rawuh menèh ing kutha Kapernaum. Wong akèh padha krungu, yèn Panjenengané ana ing dalem, mula akèh wong sing padha teka mrono. Saking akèhing wong sing padha ngumpul ana ing kono, nganti ora ana panggonan sing sela. Malah ngarep lawang waé uga kebak wong. Gusti Yésus nuli mulangaké dhawuhé Gusti Allah. Satengahé memulang, dumadakan ana wong lumpuh arep disowanaké. Wong mau digotong wong papat. Nanging saking akèhé wong, wong lumpuh mau ora bisa digawa menyang ngarsané Gusti Yésus. Mulané wong-wong sing padha nggotong nuli padha mbukak payoning omah, pas sandhuwuré panggonan sing dilenggahi Gusti Yésus. Sawisé kuwi wong sing lumpuh mau nuli diudhunaké ana ing ngarsané Gusti Yésus, gumléthak ana ing klasa. Bareng Gusti Yésus mirsa gedhéning pengandelé wong-wong mau, Panjenengané nuli ngandika marang wong sing lumpuh mau; "AnakKu, dosa-dosamu wis diapura."

 Nalika semono ana wong ulama sawetara sing uga padha lungguh ana ing kono. Wong-wong mau padha mbatin: "Wong kuwi kok wani-waniné nyenyamah marang Gusti Allah kaya mengkono. Awit mung siji sing bisa ngapura dosa, yakuwi Gusti Allah piyambak!"

 Sanalika iku uga Gusti Yésus pirsa apa sing dibatin déning para ulama mau. Mulané nuli ngandika: "Yagéné kowé padha duwé pikiran mengkono? Luwih gampang endi, muni marang wong lumpuh iki 'Dosamu wis diapura', karo muni 'Tangia, peturonmu angkaten lan mlakua?' Aku kepéngin nuduhaké marang kowé yèn Putraning Manungsa kwasa ngapura dosa ana ing bumi kéné." Gusti Yésus nuli ngandika marang sing lumpuh mau, "DhawuhKu marang kowé, tangia, peturonmu angkaten lan muliha!"

 Ana ing sangarepé wong akèh wong sing lumpuh mau ngadeg maknyat, ngangkat peturoné, banjur lunga. Wong kabèh padha kaéraman lan memuji marang Gusti Allah. Wong-wong mau padha muni: "Lelakon kaya ngéné iki kita durung tau ngalami."