Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Piwulangé

20

sing galak. Ketitiké wong mau saka penggawéné. Apa ana thethukulan eri ngetokaké woh anggur lan apa ana rerungkudan ngetokaké woh jambu? Wit sing waras ngetokaké woh sing becik, lan wit sing geringen ngetokaké woh sing ala. Wit sing becik ora bisa ngetokaké woh sing ala, lan wit sing geringen ora bisa ngetokaké woh sing becik. Saben wit sing ora ngetokaké woh sing becik, ditegor lan diobong. Mengkono uga kedadéané para nabi palsu mau. Kowé bakal padha bisa nitik wong-wong mau saka wohing penggawéné."

Penggawé lan dudu tembung

Mat. 7:21-23

 "Sing dadi umat ana ing Pepréntahané Allah kuwi dudu angger wong sing matur marang Aku: 'Gusti, Gusti', nanging mung wong sing padha nglakoni kersané RamaKu ing swarga. Ing dina kiyamat bakal akèh wong sing padha matur marang Aku: 'Gusti, Gusti, kawula rak sampun martosaken pangandikanipun Gusti Allah atas asma Paduka? Lan kawula rak sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, menapa malih sampun damel mujijat kathah atas asma Paduka?" Nanging Aku bakal mangsuli: 'Aku ora wanuh karo kowé! Padha sumingkira saka ing kéné, kowé wong sing seneng gawé piala!" "

Bab ngrungokaké lan nglakoni

Mat. 7:24-27

 "Wong sing ngrungokaké lan nglakoni piwulangKu, kuwi padha karo wong pinter sing ngedegaké omahé ana ing padhasan. Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau ora rubuh, awit ngadeg ana ing padhasan.

 Nanging sapa sing ngrungokaké piwulangKu, mangka ora nglakoni, kuwi padha karo wong bodho, sing ngedegaké omahé ing lemah pasir. Bareng ana udan deres lan ana banjir, sarta ana angin gedhé nempuh, omah mau nuli ambruk, lan rusak banget!"

Pangwasané Gusti Yésus

Mat. 7:28-29

 Bareng Gusti Yésus wis rampung enggoné memulang, wong kabéh padha gumun banget marang piwulangé. Awit enggoné mulang kanthi pangwasa, ora kaya pamulangé ahli Torèt.

Pasemon bab wong Samaria sing welasan

Luk. 10:25-37

 Ing sawijining dina ana ahli Torèt arep nyoba marang Gusti Yésus, aturé: "Guru, menapa ingkang kedah kawula lampahi, supados angsal gesang langgeng?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Apa sing katulis ana ing Kitab Torèt? Apa sing kokwaca ana ing kono?

 Ahli Torèt mau mangsuli: "'Kowé tresnaa marang Pangéran Allahmu, klawan gumolonging atimu, klawan sagelenging nyawamu, klawan sakatoging kekuwatanmu, lan klawan sakabèhing budimu lan menèh