Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

19

Piwulangé

Bab ngadili

Mat. 7:1-6

 "Aja padha ngadili liyan, supaya kowé dhéwé iya ora diadili déning Gusti Allah. Awit Gusti Allah ngagem wewaton sing kokenggo ngadili wong liya mau kanggo netepaké ala-becikmu. Lan ukuran-ukuran sing kokenggo ngukur wong liya, iya ukuran kuwi sing diagem déning Gusti Allah kanggo ngukur kowé. Apa sebabé déné tatal sing ana ing mripaté wong liya, kowe weruh, nanging balok sing ana ing mripatmu dhéwé, kowé ora weruh? Kok wani-wanimu ngandhani wong liya: 'Tatal ing mripatmu dakilangané', mangka mripatmu dhéwé ana baloké? Dhasaré kowé kuwi wong lamis! Balok ing mripatmu kuwi ilangana dhisik, banjur kowé lagi bisa ndeleng klawan cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana mripaté wong liya mau.

 Barang sing suci aja kokuncalaké nyang asu, awit asu mau bakal minger lan nyander kowé. Lan mutiara aja kokuncalaké nyang babi, jalaran mutiara mau mung bakal diidak-idak."

Bab ngantepi ing pandonga

Mat. 7:7-12

 "Padha nyenyuwuna marang Gusti Allah, temah kowé bakal diparingi. Padha nggolèkana Panjenengané, mesthi bakal ketemu. Padha nothoka koriné Gusti Allah, temah bakal padha diwengani. Awit wong sing padha mantep ing panyuwun marang Gusti Allah, bakal kaparingan, lan wong sing tansah nggolèki Gusti Allah bakal ketemu Panjenengané; lan wong sing tansah thothok-thothok ing koriné Gusti Allah, bakal diwengani. Apa panunggalanmu ana sing dijaluki roti anaké kok menèhi watu? Utawa menèhi ula, yèn anaké njaluk iwak? Senajan kowé alaa kaya apa, kowé padha ngreti mènèhi barang sing becik marang anak-anakmu, apa menèh Gusti Allah, Ramamu ing swarga. Panjenengané bakal maringi barang sing becik marang saben wong sing nyenyuwun marang Panjenengané!

 Apa sing kokkarepaké supaya ditindakaké déning wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau. Iya kuwi sariné angger-anggering Torèt, sing diwulangaké déning nabi Musa lan nabi-nabi liyané."

Lawang sing ciyut

Mat. 7:13-14

 "Padha mlebua metu lawang sing ciyut, awit lawang sing amba lan dalan sing jembar kuwi anjog ing nraka! Mangka akeh wong sing padha milih dalan mau. Kosokbaliné lawang sing ciyut lan dalan sing rumpil, kuwi anjog marang kauripan, lan mung sethithik cacahé wong sing milih dalan kuwi."

Wit lan wohé

Mat. 7:15-20

 Padha sing ngati-ati; ana nabi-nabi palsu. Wong-wong mau padha nekani kowé méndha-méndha wedhus gèmbèl, mangka sejatiné asu ajag