Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Piwulangé

18

kuwi bisa rusak déning rayap lan renget, lan kena dicolong maling. Nanging padha nglumpukna bandha ana ing swarga. Awit ing swarga ora ana rayap lan renget sing bisa ngrusak bandha mau, lan maling iya ora bisa mbabah lan nyolong. Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ana ing kono dunungé atimu."

Pepadhanging badan

Mat. 6:22-23

 "Mripat kuwi kaya déné lampu trumraping badan. Yèn mripatmu waras, badanmu sekojur iya dadi padhang. Nanging yèn mripatmu cacad, badanmu sekojur iya dadi peteng. Dadi yèn lampu sing ana ing badanmu kuwi dadi peteng, méndah kaya apa petengé."

Bab Gusti Allah lan bandha donya

Mat. 6:24-34

 "Ora ana wong siji sing bisa ngrangkep ngawula bendara loro. Sing sapa nglakoni mengkono ora wurung bakal sengit marang bendara sing siji lan nresnani marang bendara sijiné. Utawa bakal setya marang bendara sing siji lan nyepèlèkaké bendara liyané. Semono uga kowé. Kowé ora bisa ngawula marang Gusti Allah lan uga ngawula marang Mamon.

 Mulané élinga! Aja padha nyumelangaké penguripanmu, yakuwi apa sing bakal kokpangan utawa kokombé, utawa apa sing bakal kokenggo. Apa nyawa kuwi ora luwih aji ketimbang karo pangan, lan badan apa ora luwih aji ketimbang karo sandhangan? Coba delengen, manuk-manuk sing padha mabur mrana-mréné, kaé rak ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lan uga ora nyimpen panènané ana ing lumbung. Éwasemono Ramamu ing swarga ngopèni manuk-manuk mau! Apa kowé ora luwih aji ketimbang karo manuk-manuk kuwi? Sapa panunggalanmu sing bisa nyambung uripé merga sumelang?

 Mengkono menèh yagéné kowé padha nyumelangaké bab sandhanganmu? Coba delengen, kembang-kembang sing padha thukul dhéwé ana ing ara-ara. Kembang-kembang kuwi rak padha ora nyambutgawé lan padha ora nenun. Nanging delengen, senajan Sang Prabu Suleman sing sugihé kaya ngana, éndahing agemané ora kaya kembang-kembang kuwi! Yèn selaginé suket ing ara-ara sing dina iki tuwuh sarta sésuk wis dibuwang lan diobong waé direngga semono éndahé déning Gusti Allah, apa menèh kowé! Dhasaré kowé kuwi cupet ing pengandel. Aja padha kuwatir lan muni: 'Sing padha dakpangan mengko apa? Utawa sing padha dakombé mengko apa, utawa sing padha dakenggo apa? Sing padha ngudi barang-barang mengkono kuwi rak wong-wong sing padha ora wanuh karo Gusti Allah. Ramamu ing swarga rak wis pirsa yèn barang-barang mau kabèh kokbutuhaké. Mulané sing luwih dhisik kudu kokudi yakuwi, kepriyé enggonmu bisa mbangunturut marang pepakon-pepakoné Gusti Allah, kaya déné umat ana ing Pepréntahané. Yèn kowe wis bisa mrelokaké prekara kuwi, samubarang kabèh uga bakal diparingaké marang kowé. Mulané, aja padha kuwatir bab dina sésuk, awit dina sésuk ana karépotané dhéwé. Ngrasakaké ka répotané dina saiki waé wis abot, aja ditambahi karépotané dina sésuk."