Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

17

Piwulangé

Bab ndedonga

Mat. 6:5-15

 "Yèn kowé sembahyang, aja kaya wong lamis. Wong lamis lumrahé padha sembahyang karo ngadeg ing papan-papan pangibadah lan ana ing pinggir dalan, pamrihé supaya katon ing wong. Élinga, wong sing mengkono mau wis padha nampani opahé. Nanging kowé, yèn ndedonga, mlebua ing kamar, lan kancingen lawangé, banjur ndedongaa marang Ramamu sing ora katon. Panjenengané pirsa apa sing koktindakaké, senajan wong liya ora padha weruh. Ramamu bakal maringi ganjaran marang kowé.

 Yen kowé ndedonga, aja kedawan kaya adaté wong sing ora wanuh karo Gusti Allah. Wong mau padha ngira yèn Gusti Allah mirengaké pandongané, merga pandongané dawa. Aja padha niru sing kaya ngono kuwi. Ramamu wis pirsa apa sing kokbutuhaké, sadurungé kowé nyuwun. Mulané ndedongaa mengkéné:

 'Rama kawula ingkang wonten ing swarga;

 Asma Paduka ingkang suci mugi dipun urmati déning sedaya tiyang.

 Pangrèh Paduka mugi dipun èstokaken déning sedaya tumitah ing salumahing bumi,

 kados déné pangrèh wau wonten ing swarga inggih dipun èstokaken déning para malaékat.

 Mugi kawula Paduka paringi rejeki ing dinten menika.

 Kalepatan kawula mugi Paduka apunten, kadosdéné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula.

 Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha, nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon.

 [Awit Paduka menika ingkang ngerèh samukawis, ingkang kagungan pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing selaminipun. Amin'.]

 Yèn kowé ngapura wong sing keluputan marang kowé, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura keluputanmu. Nanging menawa kowé ora ngapura keluputané wong liya, Ramamu ing swarga iya ora bakal ngapura keluputanmu."

Bab pasa

Mat. 6:16-18

 "Yèn kowé padha pasa, ulatmu aja kokgawé suntrut kaya carané wong lamis. Wong-wong mau ulaté digawé-gawé katon lesu, supaya wong kabèh ngreti yèn dhèwèké lagi pasa. Élinga, wong sing mengkono kuwi wis padha nampa piwales ing samesthiné. Nanging kowé, yèn pasa, raupa lan rambutmu jungkatana, supaya ora ana wong sing ngreti yèn kowé lagi pasa. Preluné mung Ramamu ing swarga sing ora katon, kuwi waé sing pirsa apa sing koklakoni, senajan wong liya ora ana sing weruh. Lan Panjenengané bakal maringi piwalesé marang kowé."

Bab bandha ing swarga

Mat. 6:19-21

 "Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya. Awit bandha donya