Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Piwulangé

16

pah demi sirahmu, awit kowé dhéwé ora bisa gawé uwan, saeler waé ora bisa. Munia waé "Iya" utawa "Ora". Luwihé saka kuwi pinangkané saka Iblis."

Bab males

Mat. 5:38-42

 "Angger-anggeré nabi Musa nyebutaké mengkéné: Sapa sing ngrusak mripat, kudu genti dirusak mripaté lan sing ngrusak untu, kudu genti dirusak untuné. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Aja males marang wong sing gawé piala marang kowé. Malah yèn ana wong napuk pipimu tengen, karebèn napuk pipimu kiwa pisan. Lan yèn ana wong ngladekaké kowé marang hakim merga arep njaluk keméjamu, jasmu wènèhna pisan. Yen kowé dipeksa wong nggawakaké barangé sakilomèter, gawakna nganti rong kilomèter. Yèn ana wong njaluk apa-apa marang kowé, wènèhana lan aja nulak wong sing arep utang marang kowé."

Bab tresna marang mungsuh

Mat. 5:43-48

 "Kowé wis padha ngreti piwulang iki: Tresnaa marang kanca-kancamu lan sengita marang mungsuhmu. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Padha tresnaa marang mungsuhmu, lan wong sing nganiaya kowé, padha dongakna, supaya ketitika yèn kowé kuwi para putrané Ramamu ing swarga. Awit Ramamu maringi padhanging srengéngé marang wong sing becik, nanging uga marang wong sing ala. Ramamu maringi udan marang wong sing nglakoni kabecikan lan uga marang wong sing nglakoni piala. Awit yèn kowé mung nresnani marang wong sing tresna marang kowé, apa preluné Gusti Allah males penggawému kuwi? Apa wong sing karem bandha uga ora tumindak mengkono? Lan yèn kowé awèh salam mung marang kanca-kancamu waé, kaluwihanmu apa? Wong sing ora wanuh marang Gusti Allah rak iya padha tumindak mengkono! Mulané kowé kudu padha sampurna, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna."

Bab sedhekah

Mat. 6:1-4

 "Padha élinga! Aja padha nglakoni pangibadahmu kanggo paméran ana ing sangareping wong. Yèn kowé tumindak mengkono, kowé ora bakal nampani ganjaran saka Ramamu ing swarga.  Mulané yèn kowé padha dedana, aja kokwertak-wertakaké kaya sing ditindakaké déning wong lamis. Wong lamis lumrahé nindakaké sing mengkono mau ana ing papan-papan pangibadah lan ing dalan-dalan gedhé, pamrihé supaya dialem déning wong. Élinga, wong-wong sing kaya ngono kuwi wis padha olèh piwalesing penggawéné. Nanging tumrap kowé, yèn kowé dedana, aja nganti wong liya padha ngreti enggonmu wèwèh, supaya aja ana wong siji waé ngreti enggonmu dedana. Ramamu ing swarga pirsa penggawému sing ora diweruhi déning wong; lan Panjenengané bakal paring piwales marang kowe."