Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

15

Piwulangé

Pepeling bab nepsu

Mat. 5:21-26

 "Kowé padha ngreti yèn leluhur kita diwulang mengkéné: Kowé aja matèni wong; sing sapa matèni wong kudu diadili. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa nepsoni seduluré, kudu diadili; lan sing sapa misuhi seduluré, iya kudu diadili déning Pengadilan Agama. Lan sing sapa ngunèkaké seduluré: "goblog", wong kuwi kudu dicemplungaké ing geniné nraka. Mulané yèn kowé pinuju nyaosaké pisungsungmu marang Gusti Allah, mangka kowé kelingan ana sedulur sing lara atiné karo kowé, pisungsungmu tinggalen. Wong mau paranana, rukuna dhisik karo dhèwèké, yèn wis banjur balia, nyaosna pisungsungmu.

 Yèn ana wong nggugat kowé menyang pengadilan, sajroné lagi padha bebarengan mlaku mrana, kowé ngaraha rukun dhisik karo wong sing nggugat mau. Yen kowé ora ngarah rukun dhisik, wong mau bakal ngajokaké kowé marang jeksa lan jeksa bakal masrahaké kowé marang polisi. Polisi nuli bakal nglebokaké kowé menyang kunjara. Élinga, yèn kowé bakal ora bisa metu saka kunjara mau, samasa utangmu durung koksaur nganti lunas."

Bab laku jina

Mat. 5:27-30

 "Kowé wis padha ngreti piwulang sing surasané: Kowé aja laku jina. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sapa sing mandeng wong wadon kanthi rasa sir, wong mau wis laku jina karo wong wadon mau ing sajroning atiné. Yen mripatmu tengen marakaké kowé gawé dosa, mripat kuwi cukilen lan buwangen! Luwih becik kowé kélangan pérangané badanmu salah siji, ketimbang karo badanmu sekojur kacemplungaké ing nraka. Yèn tanganmu tengen njalari kowé nglakoni dosa, tangan kuwi kethoken, banjur buwangen! Luwih becik kowé kélangan tanganmu sesisih ketimbang karo badanmu sekojur mlebu ing nraka."

Bab pegatan

Mat. 5:31-32

 "Uga ana piwulang sing surasané: Sapa sing megat bojoné, kudu aweh layang pegat. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Sing sapa megat bojoné, mangka bojoné mau ora laku jina, kuwi marakaké bojoné mau laku jina, yakuwi samangsa sing dipegat mau kawin menèh. Lan wong liya sing kawin karo sing dipegat mau, iya banjur katut laku jina."

Bab sumpah

Mat. 5:33-37

 "Kowe padha ngreti yèn leluhur kita padha diwulang mengkéné: Kowé aja mblenjani janji. Yèn kowé wis janji karo wong nganggo sumpah ing ngarsané Gusti Allah, kudu koktetepi. Nanging saiki Aku ngandhani kowé: Kowé aja pisan-pisan sumpah. Aja sumpah demi langit, awit langit kuwi palenggahané Gusti Allah. Utawa demi bumi, awit bumi kuwi ancik-anciking sampéyané Gusti Allah; utawa aja demi kutha Yérusalém, awit kutha Yérusalém kuwi kuthané Sang Prabu. Iya aja sum-