Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Piwulangé

14

 Begja wong sing andhap asor,
 awit bakal padha tampa prasetyané Gusti Allah
 Begja wong sing kepéngin banget nglakoni kersané Gusti Alah;
 awit Gusti Allah bakal gawé mareming atiné.
 Begja wong sing seneng melasi wong liya;
 awit bakal diwelasi déning Gusti Allah.
 Begja wong sing resik atiné;
 awit bakal wanuh marang Gusti Allah.
 Begja wong sing padha seneng ngrukunaké;
 awit bakal disebut para putrané Gusti Allah.
 Begja wong sing disiya-siya merga enggone nglakoni kersané Gusti Allah;
 awit wong sing mengkono kuwi dadi umat ana ing Pepréntahané Allah.
 Begja kowé menawa diwewada, disiya-siya lan dipitenah merga saka enggonmu dadi muridKu. Para nabi sadurungé kowé iya padha disiksa kaya mengkono. Padha bungaha lan dipadha gembira, sebab gedhé ganjaran sing bakal kaparingaké déning Gusti Allah marang kowe."

Bab uyah lan pepadhanging jagad

Mat. 5:13-16

 "Kowe kuwi upamané kaya uyah kanggo nguyahi jagad. Yèn uyah ilang asiné, apa sing kena kanggo mulihaké asiné? Uyah sing mengkono mau wis ora ana gunané, mulané mung bakal dibuwang lan diidak-idak déning wong.

 Kowe kuwi upamané kaya pepadhang sing dibutuhaké déning wong sejagad kabèh. Kutha sing ana ing ndhuwur gunung kuwi ora kena dialing-alingi. Lan menèh ora ana wong sing nyumed lampu, banjur ditutupi nganggo tompo, nanging malah bakal numpangaké lampu mau ana ing papan sing dhuwur, supaya bisa madhangi saben wong sing ana ing omah kono. Mengkono uga padhangmu madhangana marang wong, supaya padha neksèni panggawému sing becik, temah wong-wong mau padha ngluhuraké Ramamu sing ana ing swarga."

Piwulang bab Torèt

Mat. 5:17-20

 "Kowé aja padha ngira, yèn tekaKu iki arep mbatalaké Torèt, sing diwulangaké nabi Musa lan para nabi liyané, nanging malah arep nyampurnakaké. Ngretia, selawasé isih ana langit lan bumi, Torèt mau ora bakal batal, senajan mung titik utawa saaksara waé. Mulané sing sapa nerak salah sawijining angger-angger mau, senajan sing katoné cilik dhéwé, lan mulangaké marang wong liya nglakoni mengkono, iku bakal olèh papan sing asor dhéwé ana ing Pepréntahané Allah. Nanging sing sapa nglakoni lan mulangaké kabèh pepakoning Toret, iku bakal olèh papan sing dhuwur ana ing Pepréntahané Allah. Mulane éling-élingen: kowé ora bakal kepétung dadi umat ana ing Peprentahané Alian, yen olèhmu nglakoni angger-anggeré Torèt ora luwih sampurna ketimbang karo sing ditindakaké déning para ulama lan para wong Farisi."