Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9

Wiwitaning Pakaryané

 Malaékat mau dhawuh: "Tangia! Sang Bayi lan ibuné gawanen bali menyang tanah Israèl, awit wong sing padha ngarah sédané Sang Bayi wis padha mati." Yusuf tangi, Sang Bayi lan Maryam banjur digawa bali menyang tanah Israèl.

 Nanging bareng krungu yèn Pangéran Arkélaus, putrané Sang Prabu Hérodès, nggentosi ramané jumeneng raja ana ing tanah Yudéa, arep mrana Yusuf atiné sumelang. Sarèhné Yusuf iya tampa dhawuh saka Pangéran ing sajroning impèn, mulané banjur lunga menyang tanah Galiléa, banjur manggon ing kutha Nasarèt. Mengkono dadiné kelakon temenan apa sing dingandikakaké déning para nabi, yèn Gusti Yésus bakal kasebut "Wong Nasarèt".

II. Wiwitaning Pakaryané

Gusti Yésus dibaptis nabi Yohanes

Mat. 3:13-17

 Nalika semana Gusti Yésus tindak saka tanah Galiléa menyang kali Yardèn. Panjenengané murugi nabi Yohanes lan mundhut supaya dibaptis. Nanging nabi Yohanes menggak, aturé: "Kawula ingkang prelu Panjenengan baptis, kok samenika malah Panjenengan ingkang mundhut kawula baptis."

 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wis ta, bèn waé, awit srana mengkono Aku lan kowé padha netepi sing dadi kersané Gusti Allah." Nabi Yohanes nuli nuruti kersané.

 Sawisé dibaptis, Gusti Yésus mentas saka ing banyu. Dumadakan Panjenengané kawenganan langit lan mirsa Sang Roh Suci tumurun kaya manuk dara, nedhaki Panjenengane. Banjur ana swara saka ing langit: "Iki PutraKu, sing Daktresnani, sing gawé renaning penggalihKu."

Gusti Yésus kagodha déning Iblis

Mat. 4:1-11

 Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur katuntun déning Sang Roh Suci menyang ara-ara samun, supaya digodha déning Iblis. Ana ing kono Gusti Yésus siyam patang puluh dina patang puluh bengi. Banjur kraos luwé. Iblis nuli teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur mengkéné: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, mangga séla-séla menika Panjenengan sabdakaken dados roti."

 Gusti Yésus mangsuli: "Wis katulis ing Kitab Suci: Manungsa kuwi uripé ora mung saka roti waé, nanging saka sakéhing sabda sing didhawuhaké déning Gusti Allah."

 Iblis banjur nggawa Gusti Yésus menyang kutha Yérusalem lan mapanaké Panjenengané ana ing wuwunging Pedaleman Suci. Iblis nuli matur: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, sumangga kula