Kaca:Sumunar.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Mbok ya gek dineng-nengi ta, wis kawit mau nangis ngono kok dinengke wae Iho!” pakone Dhanang marang Gumrining. Sing dikongkon enggal mlebu kamar.

“Sik ya Mas, aku takngeneng-nengi bocah iki” kandha mangkono Gumrining banjur mlebu kamar, ora let suwe wis ora keprungu maneh

bayi.

“Dhan saiki critaa, kepriye lelakonmu rikalane ana tsunami biyen nganti tekan saiki.”

“Nang, mbok menawa kowe wis bisa ngira-ira kêpriye kahananku Omah padha ambruk, rata sasat tanpa tilas merga pangamuke tsunami. Wong- Wong Da ang pad DatiwAN Dhani lena adhah anggen ala. Tapa aa pipine Dhani teles dening mili saka mripate, Sawise ngunjal ambegan

E ê kang mripal ngunjal tengah tahun aku ora bisa kelingan apa-apa, Bokmenawa aku ngalami sing aku, aku ditemokake dening relawan saka Australi, Aku banjur digawa ana ing koma seminggu, Watara sesasi aku ana rumah sakit iku. Nanging sing aku ora bisa ngeling-eling apa-apa Klebu jenengku dhewe. Tujune wae ana wong sing gelem ngrumat lan nampung aku, Wong iki, Pak Wimbo, atasanku rikalane nyambut gawe akeh sifhik Penjenengane ngerti sejarahku. Wiwit iku aku wis ora ana ing Aceh maneh, nanging ing Medan ya ing daleme pak Wimbo, Saben kala mangsa Pak Wimbo tansah nuntun aku ngeling-eling sapa

“Apa Pak Wimbo iku ora pirsa yen kowe duwe keluwarga ing Jawa?” Pitakone Dhanang nyela critane Dhani,

“Pak Wimbo pirsa yen aku kuwi duwe keluarga ing Jawa, wiwit saka Bapak, kowe lan bojoku Gurmrining, Amarga rikala nyambut gawe ing Aceh biyen aku iki klebu anak buahe kang raket, kerep banget nyritakake lelakon uripe dhewe-dhewe. Dadi Pak Wimbo ya pirsa banget kepriye sejarahku. Nanging, emane Pak Wimbo iku ora pirsa ngendi alamatku, mibok menawa aku durung crita, apa Pak Wimbo piyambak sing, lali. Mula saka kuwi, Panjenengane ya ora bisa kirim kabar mrene,” panggetune Dhani.

“Ora papa, sing baku saiki aku lan Gumrining ngerti yen kowe slamet saka bencana sing nggegirisi kae, O, iya bab Bapak...”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 86