Kaca:Sumunar.pdf/52

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

“Ana apa kok ndadak tilpun barang? Sliramu rak wis bisa mrantasi gawe lan ora perlu bojo?”

“Aja ngono, Mas, Aku rumangsa luput. Ora bakal dakbaleni, Mas, Sing penting Mas Prapto bali nang omah. Dewi wis nakokake Bapakne wae. Aku kudu ngomong apa karo bocah sing durung duwe dosa kaya si Dewi?” ngluluhake atine bojone kang atos kayadene parangcuri ing tengahing samodra.

Krungu swarane bojone sing sajak memelas, Pak Prapto atine rada lilih, Dheweke ya wis kangen sedina ora ketemu bojo sing ditresnani wiwit isih jaman sekolah SMP biyen. Apa maneh karo anake wadon, Dewi, sing lincah lan lucu. Pak Prapto wis kepengin bali, Nanging, yen kelingan pokale bojone sing tanpa petung, atine isih getem-getem, Golek rejeki iku dikira gampang, pa? Ra

“Piye karo barang-barang sing wis nang jero omah kae? Sapa sing arep mbayar cicilane? Aku emoh yen kudu nyicil nganti mecicil.”

“Ya wis, Mas, Aku dhêk mau tilpun sing duwe toko, bisa dibalekake maneh, Tapi mengko bubar ngantor, enggal mulih ya, Mas?”

“Nggak janji lah yaw,” sumaure Pak Prapto sajak wiwit ngajak kaya nom-noman sing lagi yang-yangan. “Ah, Mas Prapto. Malah gegojegan, ta, Ya wis, Mas. Daktunggu karo

Bu Prapto atine rumangsa lega, Mak plong, Watu sagunung sing mau ngebreki dhadhane sanakika ilang musna, Bu Prapto mesam-mesem, Kapinujon Bagio lagi enaketaa = A Yen ana, mesih rak padha nganggep Bu

ora

Sore jam papat Pak Prapto wis tekan ngarep omah, Bu Prapto enggal enggal methukake tekane bojone. Mak Gapyuk. Pak Prapto dirangkul dening bojone. Persis kaya sinetron ing televisi, Wong loro mlebu ing njero omah,

“Mas, sing gedhe pangapuramu, ya?”

“Ya wis, Bu. Ora dadi ngapa. Nanging aja dibaleni maneh, ya? Aku ora nglarang sliramu tetuku, Nanging ya dietung-etung dhisik, aja kaya bebasan “kegedhen empyak kurang cagak, Ora waton dhal-dhel, Tur maneh, yen arep apa-apa iku rembugan karo bojo, ora diputusi dhewe. Lan iki sing wigati Bune, aja sok meri marang liyan, Awake dhewe mengko sing rekasa” wangsulane Pak Prapto kedawa-dawa kaya puru aweh piwulang,

Sore kuwi uga, lawang kamar ditutup kenthi rapet Rasa kangen banjur kasuntakambrol kayadene lendhut panasing Porong, Sidoarjo,

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 43