Kaca:Sumunar.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Tang Wong irg MG pane. Para Gri BANA dai jaka singdadi idham-idhamane, suwalike malah dilamar dening, “panji klanthung”.

Bener, jaka mau bagus, Ngakune weton akadhemi, nyambut gawe ara ing jawatan penting lan ngaku putrane bupati. Nanging kabeh mau mung isapan jempol bae, ora ana bukti lan kasunyatane babarpisan. Buktine, bareng Erna gandrung kayungyun, jaka mau lunga kamangka wetenge Ema sangsaya

mundhak gedhe!

Kacapa, bareng weruh manawa Ema wetenge sangsaya pedhe, ora ana jaka sing sudi maneh, Dalasan sing biyen ditulak mentah-mentah bae, saiki emoh diwenehi obralan. Sidane, jabang-bayi lair tanpa darbe bapa.

Wektu lumaku nganii limang taun. Dene wirange isih tetep nylorengi raine, Nanging Ema tetep momong anake kanthi kebak tresna. Jalaran dheweke kaya lambene, Lan irunge mbangir kaya irunge “bapakne”, ya si Jaka

Wusanane ing desa kono ketekan wong anyar kang jenenge Gatot Supriyono. Ngakune saka Ngayojakarta. Gatot, undang-undangane priya mau, wis rada tuwa. Nanging ngakune isih jaka thing-thing, Umure kira-kira telung, puluh nêm taun, ing desa kono Gatot tansah nuduhake bektine marang masarakat. Sabarang tumindake katon andhap asor. Lan bareng dheweke weruh Ema, sajake “panah asmara” wis tumancep ing dhadhane.

Pak Gatot sida srawung karo Ema, Lan pungkasaning srawung, dheweke takon, apa Ema gelem nimbangi tresnane?

wong kang, wis nate tatu, Ema ora kena diapusi. Ana ing ngarepe Pak Gatot, ora bisa selak maneh. Lelakone dibeber kabeh, Sithik wae ora ana kang keri.

Dene Pak Gatot, ana kanane wis nikah Nanging ora pinaringan momongan. Amarga saka “kasepen”, Pak Gatot nguja hawa nepsune, Prasasat saben dina dheweke lunga mulih, lan gandhenge solan-salin wong wadon, werna-wema modhel lan kabangsane.

Wiwitane Erma ora kengguh marang panganan La Nang suwening-suwe, dheweke pamupus, sepisan kena kanggo “lanang-lanangan” lan kaping pindhone dheweke ngelingi anake ing tembe mburine, kepriye yen takon bapakne?

Wektu dina tambah lumaku, Wulandari tambah pedhe lan sangsaya blentong-blentong ireng amarya panasing srengenge yen dheng nggarap sawah, Rambute akeh sing wis padha rontog, Semune dheweke ora mueduli

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 25