Kaca:Sumunar.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Ama dawa nga Wa NEM gring ah we anak Pak Krama ngerem-rem bojone sing tansah nangis wae. “Wis, saiki wae langsung mangkat. Mundhak kesuwen!”

Pak Krama lan Bu Krama menyang rumah sakit munggang pit onthel Sadalan-dalan Bu Krama isih durung bisa meneng, Luhe tansah mbanyu mili, Mlebu plataran rumah sakit, atine Pak Krama lan Bu Krama kaya dirujitrujit,

“Piye Pak, kahanane anake dhewe iki?”

“Sing sabar, Bu. Ndonga marang Sing Kuwasa!” kandhane Pak Krama kanthi sareh.

“Ning atiku tansah ora jenjem, Pak.” Bu Krama nrambul karo mlaku ip ang

“Mbak, nyuwun pira. Menapa wonten pasien ingkang nembe mlebet?” pitakone Pak Krama marang kenya sing jaga ing kono.

“Sinten nggih asmanipun?”

“Pardi, Bu,” Bu Krama nyaut saka mburi. Ora sabar,

“Oo, ingkang nembe kecelakaan nggih?”

“Oo, inggih. Samenika wontening ruang pundi?”

Bu. Bee...

“Nyuwun pangapunten, “Pripun, Mbak? Samenika dipun rawat wonten pundi?”

“Amargi kawontenanipun inggih sampun parah ngaten, ngantos pit motore ciyosipun inggih remuk, putra Bapak kaliyan Ibu tilar nalika wonten ing perjalanan ....”

Durung rampung anggone petugas japa ngandharake kahanane anake lanang, Bu Krama banjur semaput,

“Buuu....;” panjerite PakKrama kanthi swara kang nyaketing pulu, Ya Tanang tiwas, bojone semaput. Durung maneh pit montore sing ajur mumur. Saking bingunge, Pak Krama upa melu semaputi

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 5 115