Kaca:Sumunar.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Piye ta, Le, karepmu. Kowe rak ngerti dhewe kahanane Bapakmu sing mung, tetanen? Kepriye anggone bisa tuku sepedhah montor sing regane mesthine ya jutaan?Mbok dipikir maneh!”

“Ning Bapak rak bisa adol sawah?!”

“Sawah iki tinggalane Simbahmu, Le. Tur ya mung telung petak,”

“Nhal! Rak ya bisa didol sapetak wae ta, Pak?”

“Wis ta, Le. Sing baku kowe iki sekolah sing sregep, Besuk yen wis

mergawe lan bisa entuk dhuwit dhewe, sakarep anggonmu arep tetuku.”

“Walah, Pak, Sesuk ya dipikir sesuk. Saiki ya kudu dipikir saiki. Lan tuku sepedha montor kuwi kebutuhanku saiki!”

“Wis ta, Le. Manuta Bapakmu. Yen Bapak wis duwe dhuwit, mengko rak ya daktukokake sepedhah montor...

“Kapan, Pak? Kapan! Wis, pokoke ngene. Yen Bapak ora ruikokake sepedha montor, aku trima ora sekolah.”

Pardi mbedhal saka ngarepe Bapake sing mung lungguh njenger. Suwe anggone thenger-thenger ngrasakake pokale anake lanang, Lungguh ing,

ing bojone.

“Ya wis lah, Pak. Dihwuti wae apa kang dadi karepe anake lanang, Tinimbang ora becik kedadeane? Lha wong saiki jamane ya wis seje karo jamane awake dhewe.” Bu Krama kang isih nyusur matur marang bojone. Pak Krama noleh. Sajak gumun,

“Banjur dhuwit saka ngendi sing arep dienggo tuku sepedhah montor kuwi? Regane ora murah Iho, Bu!”

“Yen mung adol sawah sapetak rak ya ora ana alane ta, Pak? Mengkone yen si Pardi wis bosen pit-pitan montor, rak ya bisa didol maneh.”

“Yawis, Bu, yen kaya ngono kekarepanmu,”

Pardi Klakon ditukokake pit motor sanajan Bapakne kudu adol sawah. Saben dina si Pardi sing isih kelas telu SMP kuwi mung munggang pit motor. Ngalor ngidul mboncenpake bocah wadon otor, ulangane Pardi sangsaya jeblok, Biji telu lan papat tansah ngrenggani “Karepmu kuwi piye ta, Le? Wis ditukokake sepedhah montor kok malah ora tau sinau?”

“Sinau kuwi mengko yen arep ujian, Pak, Wong lagi seneng-senenge ngepit montor kok diunek-unekke!”

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 113