Kaca:Sumunar.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Yen ngono, Dhik Tini ndakwa aku. Ngong, ta? Aku mbok arani wis ngrebut Mas Jarwa?” wangsulane Wali semu rada nesu,

“Lha sanyatane piye, Mbak? Apa Panjenengan rumangsa? Yen pancen iya, ora ngapa. Aku lila, Mbak.” maneh ngrenggani mripate Tini, Karo nangis ngguguk, Tini nutupi raine,

Wati mung meneng, Ora bisa kumecap. Ing ati ngakoni yen dheweke dilakoni jalaran dheweke rumangsa umure wis keladuk, Wedi yen diarani prawan tuwa, prawan kasep! Ndilalah wae Mas Jarwa uga kerep dolan ana ing omahe. Mula bener yen ana uneunen; witing tresna jalaran saka kulina, Pangirane Wati, sesambungane karo Mas Jarwa ora dingerteni dening Tini kang suwe ora ketemu karo dheweke, Jebul Tini wis ngerti lelakone kabeh! Blaik!

Swara azan maghrib keprungu saka kadohan. Mratandhakake para makhluk enggal manembah marang Gusti Allah Sanajan swara azan bisa pawe tentreming, ati kang ngrungokake, ora mangkono tumrap Sutini, Atine anya, mangkel, tur panas kebranang kanepson.

Dumadakan saka kadohan keprungu swara sepedha motor tumuju ing omahe Wati. Sutini wis ora pangling maneh karo swarane sepedha motor Honda abang weton taun 70an kang kawentar diarani “si pitung”. Kuwi mesthi swarane motore Mas Jarwa! Semono nga Wati, dheweke ya wis apal banget swarane sepedha motor sing mesthine wis mlebu musiyum kuwi.

Ora kaya adat saben yen Jarwa teka, saiki Wati ora bisa ngadegi Dheweke katon kamipilen amarga rumangsa wadine bakal kawiyak, Ganti Sukini dhewi ES < LIA DE ks neng kan akake tekan jawa,

Kanthi singsot singsot sajak kelegan atine, Jarwa nyetandarke motor, Dheweke ora ngira yen bakal nemoni kedadeyan kang gawe gendra.

“Halo Sayang, Kangmasmu teka, lho ...” keprungu swarane Jarwa saka jaban lawang.

“Sayang ... sayang .... Apanesing sayang?”

Sepira kagete Jarwa nalika weruh Tini wis ngadeg malangkadhak. Miipate kang kembeng-kembeng eluh katon abang mbranang, Jarwa ndomblong kaya weruh setan sing ala rupane.

Ulat sumeh lan sumringahe Jarwa sadurunge mlebu ana jero omah dumadakan malik sanalika. Bingung, judheg, isin, kabeh dadi siji. Dheweke mung njegejer ngadeg tanpa bisa kumecap,

“Ngene iki ta Mas polahmu? Ora nyana lan ora ngira, Mas, yen A aka aaa ya Erang pipa kang kawetu marang aku. Kewiyak ta, wadimu?t Jebul...

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 105