Kaca:Sumunar.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

MENDHUNG KATRESNAN

Ki Wahyudi Pumama

Udan kang wus sawetara wektu dienteni katone bakal tumeka, Kahanan kang kaya mangkono iku sangsaya cetha. Mendhung ireng kerep

ngumbara ana ing akasa. Petenge mendhung padha karo petenge ati kang disandhang dening Sutini, prawan desa ing tlatah Kembangsare, Bengi kuwi dheweke mampir ana ing omahe Wati —jeneng genepe, Setyawati —kang dadi mitra kenthele wiwit isih ana SMA biyen, Dheweke pancen wis suwe ora ketemu Wati. Udakara jam lima sore, Tini-mangkono undang-undangane Sutini—tumuju ana ngarep lawang biru omahe Wati. “Kula nuwun .,,, Kula nuwun, Mbak ....” Mangkono panyaruwene “Tini karo ndhodhog kori nganggo driji, “Mangga, mangga .... Sekêdhap, nggih...?” swarane bocah wadon saka njero. Tini wis apal, kuwi mesthi swarane Wali. Bareng lawang menga, tanpa dinyana Sutini ageage ngruket Wati karo nangis “Mbak... Mbak Wati .. .!” pambengoke Tini, “Lho, ana apa ta, iki?” pilakone Wati sajak kapet weruh Tini sing rikala

Tini kang, katon lemes tanpa daya. Tini mung manut dilungguhake ana ing ruwang tamu.

“Ana apa ta, Dhik?” pitakone Wati kanthi lirih, “Mbok sing sabar, ya? Coba aitakna marang aku, mbok menawa aku bisa melu ngudhari perkaramu, Ngomonga, Dhik!”

Sing ditakoni isih . mana wae. Dang 6 gelem aweh wangsulan.

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 103