Kaca:Sumunar.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Boten kok, Pak! Boten leres niku. Prapto mamung ngayawara kemawon. Kula boten matur ngaten, kok,” kandhane Bandhot gedheg-gedheg sajak ora ngakoni.

“Wis, diakoni wae, Kowera sah goroh lan ngapusi, Ndhot”

Pramono dumadakan mêtu saka mburi pos rondha kang wiwit mau mung ngenteni rawuhe Pak Kunia supaya bisa madhangake rasa cubaai

4 j-tanpi. Pi ota ngerti kahanan kaya mangkono Lanka kantil cuka E tanga kana nyekel tangane Pramono, terus dirukel, lan diadohake saka lambene Bandhot sing kandel.

“Omong kuwi nganggo tatanan, nganggo aturan. Diflesih dhisik bener “omongane sing isih nesu karo ngendhumake tangan lan mjalik diluwari saka pangrukete si Prapto, “Hiya, Mas, hiya. Wis sing sabar dhisik. Iki neng ngarepe Pak Kunta, lho. Sing sabar ya, Mas?” mangkono omongane Prapto marang Pramono,

"

“Hiya, Dhik... wis ora apa apa.”

“Nuwun sewu Iho, Pak Kunta,” Pramono matur marang, Pak Kunta karo unjal ambegan,

“Wis... yen wis lerem kene lenggah sing kepenak” Banjur A D ang a Pah Tah a naa war 4 jebul piyayine limpad tur rosa.

“Nggih, Pak. Nuwun sewu,” ujare Bandhot karo mrenahake anggone lungguh,

SUMUNAR Antologi Crita Cekak, 01