Menyang kontèn

Kaca:Sumantri Ngenger.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Pan kawula benjing enjing, mijil magut ing ngayuda, yayi prabu sabalane, kantuna wonten negara, atengga sang lir retna, mung paringa yayi prabu, bupati saking satunggal.

Kang dados tingaling jurit." Bekuh prabu Citragada, sarwi anampel wentise: "Dene wus sun ajap-ajap, ratune wong Widarba, ing aprang takera marus, temahan arsa tinilar.

Mangkya wus pinaring kanthi, lamun ajriha palastra, apan wus pratignyaningong, benjang tempuhing ngayuda, lan ratu ing Widarba, kula kang dadya pangayun." Guguk prabu Wisabajra.

Myang prabu Kalinggapati: "Puniku wuwus kang nyata, mangsa tilara lancure, dhasare kaipe marang, jeng gusti sri narendra, bakal nunggal lawan ingsun, wedi prang mangsa dadia.

Eman warnane respati." Suka kang samya miyarsa, ing aprang pasthi dadine, Semantri wus masanggrahan, myang sagung para raja, angundhangi wadyanipun, siyaga kapraboning prang.

Enyang wus samekta sami, miwah prajurit Magada, samekta sagagamane, narapati Citragada, wus mijil saking pura, nembang tengara gumuruh, greguting yudakenaka.