Methuk tepining tatarub, tundhuk lan raden Semantri, ngrerepa nambut astanya, langkung denya ngacarani, kinanthi binekta minggah, sitinggil binata rukmi.
Miwah sang nrepati catur, satata wus samya linggih, narapati Citragada, ngrerepa aturireki: "Kawula boten nyupena, tamuan dutaning gusti.
Kepyuring manah kalangkung, rumaos yen tampi rukmi. "Semantri mesem lingira: "Prapta kawula puniki, miwah raka-raka para, ca-
tur raja pan tinuding.
Dening gusti sang aprabu, ambantoni ing ngajurit, kapyarsa yayi narendra, saking nagri Maispati, mengsah ratu ing Widarba, ragi karoban ing tandhing.
Jeng gusti marma kalangkung, lah ing mangke kadipundi, yektine mengsah andika." Citragada turira ris: "Wonten sajawining kitha,nggenira apacak baris.
Sayekti ing nguni sampun, Magada kinepung kikis, dene undure punika, awit saking pun apatih, rembag sinangga ing krama, temah
kawula turuti.
Saking budi wus kabutuh, amrih ombera sakedhik, dene ta panglamarira, saestu lamun tinampik, kakang mbok sampun pratignya, linampu tumekeng pati.
Mangkya gusti sang aprabu, marma ing dasih kaswasih, paring babantu ngayuda, sasat amurungken pati, weh hayuning sanagara,
lan kawula wus prajangji.
Sapraja sarenga tumpur, lamun winaseseng jurit, bela kang mbok prasetyanya." Gumujeng raden Semantri: "Puniku sampun kapyarsa,
saking nagri Maispati.
Prasetyane yayi prabu, miwah rakanta sang putri. Yayi pasaja kewala, kajawining bantu jurit, kang dados lampah kawula, karsane sri
narapati.
Yen sami panujunipun, raka paduka sang putri, kinarsakaken kagarwa, ngadhatona Maispati, jeng gusti sri maharaja, mapan dereng darbe sori.