Menyang kontèn

Kaca:Suluk Sudjinah.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

-7-

16. Sang retna umatur malih, babaren satunggal tunggal,sang pandita lon delinge, nijat tegesira njipta,marang kalanggengannja, kadulu sanjatanipun, déné ngadege asalat.

17. Iku asal saką geni, dudu geni kena rusak, dudu geni kang ginawa, dudu geni saking wreksa, dudu api naraka, sadjatine api sudjud, aksara alip kang mulja.

18. Kang alip tegesé urip, uripé tan kena pedjah, iku tjahja sadjatine, kang padang tan kena owah, iku pituduh-ingwang, kang garwa njungkemi suku, amung tuwan guruningwang.

19. Ladjengipun kadi-pundi, ingkang rukuk tegesira, sang pandita lon delinge, tegese rukuk punika, mengko sun-babarena, pijarsakna ariningsun, wong aju bisa tatanja,

20. Rukuk asalira angin, dudu angin saka tawang, dudu angin barat gede, dudu angin baju badjra,djatine angin napas, tanpantara sijang dalu, lampahe tan kena pegat.

21. Kang amudji rina wengi, ja angin ingkang sampurna, lir banju mili lakune, tan pegat salawasira, jaiku angin napas, tjedak ing Suksma linuhung, ingkang amisesa djagad.

22. Iku totalining urip, tjatjahe patang perkara, napas ingkang dingin anggèr, tanapas kapindonira,katelune ja anpas, kaping pate, aran nupus, ganep kang patang perkara.

23. Napas kang metu ing kuping, punika warnane abang, tanapas metu lesane, ireng suwarnane ika, anpaş metu ing grana, apan kuning warnanipun, nupus putih metu netra.

24. Lailaha ilalahi, punika pudjining napas, tanapas pu pudjijane, ilalah ilalah ika, anpas pan allah allah, huallah huallah nupus [1], anjipta

lawan sampurna.

  1. Suraosipun: tijang. dzikir nafi isbat "laailaha illaallah" ing wiwitan taksih kapireng ing talingan. Ladjeng lesanipun ngutjapaken isbatipun kemawon "illaallah, illaallah" boten perlu kepirang