Menyang kontèn

Kaca:Srikarongron 2.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

katon arepe mangalor.

14.
Lan ingkang wus winuwus
lir nisihi nanging wewah luhur
sinung nama Loji Pracimarga peni
prenah lelunguring gunung
manggon iring kidul kulon.

15.
Mubeng empernya metu
tigang kaki binalabag mujur
jejer-jejer ngandhap dipun dalurungi
dumadi empere manglung
manglong-manglong ngisor katon.

16.
Mawi hek tepi tepung
kang lumaris tan maras ing kayun
kaya nora angambah babagan nginggil
tan enggal sedyane mudhun
malah ngepon aneng kono.

17.
Jroning loji puniku
siningget majupat mrih tan kidhung
patang petak kang ler wetan isi kursi
myang resban sami kinasur
baludru alus ijo nom.

18.
Komplit lan kenap bangku
sinung kori mangilen lumebu
marang kamar isi bale-bale siji
kasur cuken sutra wungu
mepet neng pojok lor kulon.

19.
Pepasrenira runtut
candhela lan kori pitur wungu
menges-menges kadya woh sawo mateng wit
ngrawit hek alit kadulu
pojok kidul mepet tembok.

20.
Kori butulan iku