Menyang kontèn

Kaca:Srikarongron 2.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

mawi angka sangkalaning taun
sewu pitungatus tigangdasa-kalih
gapura lami puniku
dudu iyasan samengko.

8.
Pipi kori kang kidul
kiwa-tengen sinung gupala gung
lungguh jegang baune tumumpang wentis
kelatbau gelang kalung
karoncong jejamang tropong.

9.
Rambut akas ginelung
kelang nyrodog ketepe maruwun
ting salebreh agodheg wok kumbala bris
cantut taliwanda kukuh
pinekak sondher myang badhong.

10.
Maringis ngisis siyung
semu sereng murereng marengut
rengat nyuntheng mathentheng mantheleng kadi
nulak kang sedya malebu
yen salah cewel cinakot.

11.
Salering inep pintu
sinung reca nyonyah marep ngidul
ngadeg jejeg tumungkul lir mindi budi
minta mring Jeng Yesus Krestus
kentasa tyas kang prihatos.

12.
Caket sawurinipun
kelir bata bengkok kadya ngurung
kanan-kering sinung wiwara rinuji
lan dhempel gapura gathuk
dalan loro ngetan-ngulon.

13.
Inggahe mawi nikung
manut undhak-undhakan malengkung
sakilene sinungan sasana malih
pasagi jenggarang dhegus