Menyang kontèn

Kaca:Srikarongron 2.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

II. Gambuh

1.
Nenggih sakilenipun pan siningget pager tembok tepung
jrone isi guskara toyane wening
minggah myang andhaping gayung
mawi kerekan comanthol.

2.
Wat-wate cagak kukuh
sakilening parigi winuwus
gapura geng ing pipi pilar pasagi
rong rakit rinengga ing lung
tumelung golong sekar ron.

3.
Ing nginggil amalengkung
katumpangan sakawan naganggung
kang minangka pusaka mulet ing pethit
pentholat-penthalit nyathut
mathet tan pethat binethot.

4.
Pethit gathuk mathuthuk
methok anjepit sirahing diyu
tan bisobah maringis lir sambat sakit
akendeng panggubetipun
badan nalosor mangisor.

5.
Manglung kadyarsa naut
palengkunge gapura pan sinung
gambar estha wapening Karajan Jawi
mawi dhuwung wedhung wadung
sabet tameng towok waos.

6.
Sanjata bestrong pistul
pecut arit bendho bendhe bedhug
cis trisula gada gandhewa jemparing
suling myang salompret tambur
mariyem loro neng ngisor.

7.
Celak lawan latiyu