siningget dipun geberi
ginulung kadhang ginelar
salering taritis mawi
botrawi alit tengahnya
sinung bil nonah mrakasti.
62.
Bau kalih pisan ngacung
anyekel badher liningling
macoco cangkeming ulam
lir nyebul umijil warih
dadya umbul ngudal-udal
gilig agengnya sanyari.
63.
Tan kendhat wetuning banyu
mancur mancurat manginggil
winatara kalih asta
wewangsul marang botrawi
ing jro sinungan wader bang
mawijah pating saliri.
64.
Beburon sajroning ranu
rena neng ganggeng andhelik
amalik melok kumambang
abanging sisik katawis
winawas naleram jenar
sumunar lir mas sinangling.
65.
Botrawi alit puniku
pinggire pinacaksuji
ing ngajeng myang kering-kanan
winedhi resik karisik
salore sinuji rancang
kori malengkung manginggil.
66.
Ing kanan kapareng ngayun
majeng mangilen wisma lit
jrambah balabag lus-lusan
tri wadana den pepeti